TUMINDAK KABECIKAN

  kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2651894901756297&id=1684548218490975

Tumindak kabecikan ing kahanan kang wus samesthine iku mujudake bab kang lumrah. Nanging, tumindak becik ing kahanan kang ora prayoga iku sawijine tantangan.
Kanyatane ing kahanan sing kasebut keri iku asring kita temokake. Kita urip ing satengahing masarakat kang kerep malah bisane nampa kahanan kang ora apik, ora maelu tatanan sopan santun, ambek siya mring sapepadha, gawe wirange mring liyan, seneng memada lsp.
Banjur kepriye kita bisa tumindak kabecikan ing kahanan kaya mangkono iku?

Kawiwitan saka ing rasa manteb ing keyakinan jroning ati dene kabeneran kang kita ugemi iku nyata-nyata bener ora geseh karo paugeran urip kang katetepake miturut undhang-undhang. Kabeneran iku kang dadi dhasar mring katetepan lan kemanteban kita, dudu amung angger nekad.
Tumindaka kabecikan lan bener apa bae pikolehe krana kita yakin dene iku kang dadi kersane Gusti Allah. Yakin lan manteb iku gaman ampuh kanthi nyenyuwun pangayomane Gusti, Gusti dhatan negakake.

Sumangga kita tumindak kabecikan saha tansah tumindak becik lan bener senadyan ana pikolehe apa bae gedhe utawa cilik, iba endahe wusanane murakabi lan gawe berkah tumraping wong akeh..., muga Gusti piyambak bakal ngijabahi.. Amin.

JM, madya raina, 8420
           eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN