ORA WEDI KORONA

Kanggo kang tansah kaucap,
ORA WEDI KORONA
      kaunggah uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2669324096680044&id=1684548218490975

Ana nini-nini kang banget pracaya mring pangwusane Gusti Allah.
Nini-nini iku tansah ngugemi : "Pracayaa Gusti kang bakal nylametake kowe"

Ing sawijining dina pinuju omahe kebanjiran, nalika banyune banjir wus 1m, ketua RT ne ngajak ngungsi, nanging dheweke nampik lan celathu, "Gustiku bakal nylametake aku!", ya wus pak RT ora meksa.

Banjire terus mundhak dhuwur, nini-nini iku enggal munggah ing loteng loro. Banjur tanggane sing pinuju liwat ngajak uga ngungsi, nanging dheweke tetep kukuh nampik ajakan mau, karo semaur, "Gustku bakal nylametake aku!"

Banjire terus sangsaya dhuwur, wusanane si nini iku menek ing sadhuwure payon omahe. Ora let suwe omahe klelep, lan kabeneran petugas SAR nyumurupi lan enggal ngupaya nylametake si nini iku. Nanging piye sidane? Si nini tetep nampik...

Wusanane si nini melu klelep saomahe, lan katemokake wus tiwas ora bisa katulungan.

Ing akherat nalika ketemu Malaekat, dheweke protes, "Kenapa Gusti ngejarke aku nganti mati klelep??" "Gusti ngendikakake yen bakal nylametke aku?"

Kocapa, apa ngendikane Malaekat..??
"Gusti wus ngupadi nylametke kowe, nanging kok tampik!"
"Kok pikir pak RT, tanggamu lan petugas SAR sing nekani kowe arep nylametake kowe iku sapa sing ndhawuhi??
Ora liya, ya amung Gusti Allah sing dhawuh lan ngirim kanggo nylametake kowe !!!"

Si nini lagi ngrumangsani, dene Gusti ngendika arep nylametake ora kok Gusti piyambak sing rawuh nanging lumantar wong liya...
Iku kang dadi bakune kapracayan kang kudu di mangreteni.

Ya kaya mangkono iku kahanan saiki sing kita adhepi..
Kita pracaya Gusti Allah, nanging pamarentah sauba rampene uga para pamong kasehatan dokter sa prangkate kang wus gawe wara-wara tata cara iku sejatine utusane Gusti piyambak kanggo nylametake kita kabeh titah kagunganNe.

Ayo kita padha manut lan nyengkuyung ajakan tata cara kang wus katetepake dening pamarentah. Kabeh iku murih becike kang sinedya kanggo kita sabangsa bisa uwal saka ing memala kang nggegirisi iki.

Sumangga, muga migunani !
#NOW #NangOmahWae

JM, madya raina, 28420
         dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN