DUREN

.     kaunggah uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2669471359998651&id=1684548218490975

Duren .. meh kabeh wong Indonesia sapa sing ora kenal? Nanging duren bisa mujudake woh-wohan sinebut woh kang dadi padhebatan.
Ana sing seneng merga rasane sedhep lan gandane wangi, nanging uga ora sethithik wong sing sengit awit duren bisa gawe mumet lan muneg.
Mulane perusahaan penerbangan, tetumpakan umum lan hotel-hotel akeh sing ora ngidinake, marga bisa ngganggu wong liya.

Semono uga kadikaya pepindhane duren mau, saben pribadi manungsa iku mesthi piniji dening wong liya miturut cara kang beda-beda. Ana sing duweni kanca nyenengi, ana uga sing nyengiti.
Rasa lan ganda mujudake campuran kapribaden, sipat, solah bawa, cecaturan, bakuning panemu lan padadan urip campur dadi siji ndadekake pambijine wong liya werna-werna.

Saben pribadi prayogane ngupadi supaya bisa metokake rasa lan ganda kang bisa disenengi wong akeh (ya pancen angel)
Tumindak becik, mulya, kebak katentreman lan katresnan andadekake disenengi wong akeh.
Apa bisa urip kita anyebarake ganda arum? aja-aja malah gawe sengak.
Nah mesthine sing becik kang kapilih...

Sumangga 🙏👍

JM, sore-sore grimis, 28420
         dening eNPe

 kadudud saka ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=10222696004897779&id=1503470400

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN