PAMUJI SOKURE WONG TUWA

 kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2659644900981297&id=1684548218490975

Kaleganing atine wong tuwa, 
lamun nyawang putra wayahira,
de samnya rukun manunggal budi.
Pepindhane para among tani, 
ndulu taneman ira samnya ngrebda,
panenan ira lir robing samodra.

Saiba bombang marem atiku; 
anak - putu padha sabiyantu;
yen bungah bareng padha kasukan,
lamun susah sinangga barengan.
Uripe ayem tentrem, guyub-rukun;
tan kendhat dennya ngaturke panuwun
 
®kadudud saka ing kpj 377 : 1,3

JM, wanci sidhem, 17420
       dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN