SUGENG WIYOSAN IBU KARTINI
kapacak uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3234674250145023/
Putri cuwa atine, ing dina iki wong-wong saomah, bapak ibune klebu kangmas mbakyune ora ana sing kelingan yen si Putri ulang taun.
Ing meja dhahar katon kosong ora ngira yen ora ana panganan karemane sethithika sumadya ing meja, ohh... atine cuwa banget jengkel campur adhuk dadi siji.
"Huh!.., IBU wus ora tresna marang aku, ora emut dina kelairan putrine dhewe, kok olehe kebangeten ya", grundelan si Putri karo nelangsa.
Diantu-antu tekan awan, sajake wong saomah ora ana sing migatekake. Ora ana sing aweh slamet, kadho utawa ngaras pipine.
Nelangsa rasaning ati, jengkel campur nepsu si Putri lunga ora pamit. Wetenge kroncongan luwe lan kebak pikiran jengkel mlaku datan tujuan.
Si Putri mandheg sangarepe grobak bakso jalaran mambu ganda sedhep, saking luwene pingin banget mangan bakso semangkok.
"Ngersake bakso neng? ayo lenggah mlebu kene!", clathune bakul bakso gawe kaget.
"Oh.. oh.., bo..boten pak, dhonge nggih kepengin, ning boten gadhah yatra", wangsulane karo tumungkul isin.
"Ora pa pa neng, bapak aweh gratis. Lenggah kene bapak cepake mi bakso super enak!"
Karo gojag gajeg si Putri lungguh ing njero warung.
Si Putri ora kuwat ngempet eluhe tumetes ing pipine, "Lho, kenapa kok nangis, neng?" pitakone bakul bakso.
"Eeee.. ohh..., kula kemutan IBU, pak.. , sejatose dinten niki kula ulang taun, lha kok malah njenengan sing boten kula tepungi nyukani bakso. IBU kula piyambak boten kemutan ul-tah kula, menapa malih maringi tetedhan kareman kula. Kula gela lan cuwa pak!" ngono wangsulane si Putri blaka.
"Neng cah ayu, bapak iki sing lagi sepisan menehi bakso semangkok bisa gawe trenyuh nangis brebes mili, kamangka IBU lan bapakmu sing maringi mangan saben dinane wiwit bayi tekan seprene, apa neng ora nate trenyuh?"
“ Aja ngremehke wong tuwamu dhewe, mengko ndhak keduwung lho!” bacute bakul bakso.
Gragap.. si Putri kaya dielingake, "Oh kenapa aku ora mikir kaya mangkono ya?"
Sawuse ngenteke bakso samangkok, si Putri ngucap matur nuwun bola bali, njur menyat enggal mulih karo kesusu susu kae.
Tumekane omah, IBU ne mapag ngrangkul katon kuwatir lan rasa lega.
"Putri, saka ngendi bae sedina iki, IBU bapak lan sedulurmu kabeh bingung padha nggoleki. Selamat ulang taun ya!. iku IBU wus masak panganan karemanmu nduk, mesthine wus luwe ta!", ngono ngendikane IBU karo ngesuni pipine.
"IBU, nyuwun pangapunten bu!" si Putri sanalika nangis ing kekepan IBU ne lan keduwung banget... lagi krasa dene iba tresnane IBU.
Sing tambah gela ing ngomah wus padha kumpul kanca-kanca rakete lan rawuh uga paklik bulike. Jebul IBU nyawisake pista kejutan kanggo putri kinasihe.
Eliding kang bisa tinulad,
samangsa kita oleh pambiantu senadyan sethithika saka wong liya, asring kita banget olehe bungah lan matur nuwun.
Ewa samono, banget emane rasa asih lan pigatine wong tuwa utamane IBU lan sadulur dhewe ora katon ing pandulu kita, kaya-kaya iku wus dadi wajibe wong tuwa siap biantu sawayah-wayah.
Malah yen ora katurutan dadi gela lan ngecap ora tresna ora maelu anak dhewe tumekane rasa nelangsa ati lsp..lsp.
Kita prelu sinau ngendhaleni dhiri murih bisa urip laras ing tengahing kulawarga lan masarakat.
Sugeng mengeti dinten wiyosan IBU_KARTINI.
JM, gagat bangun, 21420
dening eNPe

Komentar
Posting Komentar