MINEPING KORI GREJA
kaunggah uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2661800777432376&id=1684548218490975
(Kagem para kadang Kristiani)
Ing dina Minggu kori Greja kainep, eblis sorak-sorak rumangsa wus menang mring Greja.
Kocapa setan iba kagete amarga nyumurupi mimbar Greja wus pindhah ing saben omahe jemaat. Keprungu ing omah-omah padha Pepujian, Panyembahan, donga lan Pangabaran Pangandikane Gusti Allah
Wus pakulinane setan ing dina minggu anebar godha ing satengahe pangibadah pakumpulan.
Ananging saiki setan bingung ngatur wadyabalane, awit Greja wus ngalami owah-owahan tumangkar ing ngendi-endi ngrembaka katandhing padatane.
Ing markas bentenge setan, kaprungu Kidung Pepujian, Pangabaran Injil, Panyembahan lan Pandonga konjuk mring Gusti, eblis sangsaya judheg lan bingung.
Sanyatane setan nora mangerti lamun Greja sejatine dudu bangunan gedhung utawa omah pakumpulan, nanging Greja iku sejatine ana ing pribadine wong pracaya ya jemaating Gusti.
Greja nora bakal sirna lan alaming palimengan datan bisa angremukake Greja.
Kahanan virus iki dumadi rikala Greja Kagungane Gusti ing satengahe minggu-minggu mengeti kasangsaran lan kasedane Gusti Yesus ing kayu salib.
Setan ngira yen kasedane Gusti Yesus ing kayu salib minangka kamenangane setan.
Ananging malah suwalike, krana seda lan wungune Panjenengane saka ing kwasaning dosa mujudake pinangkane nylametake umat manungsa, iku sejatine kekalahane setan.
Tulisan iki mugya minangkani panjurung samangsa kita umat kagungane Gusti lagi ana ing pacoban paperangan nglawan pageblug covid-19.
Ayo kita rumaket lan guyub ing pandonga biraten rasa angkuh, saeka praya bebarengan karo pamarintah ambesmi covid-19.
Gusti Yesus amberkahi ing pangibadah Nang Omah Wae (NOW) pra umat kagungane... Amin 🙏
JM, minggu_kp3_april2020
dening eNPe

Komentar
Posting Komentar