SWARA SULING PANGONKU

   kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2664975260448261&id=1684548218490975

Swara suling sang pangon kaprungu merdu
anuntun jangkahku saurute ilining tirta
tumujweng alam praduan den ngreridhu
gumelar pasuketan sumiliring samirana

Mring wedhus kang ngorong lan lungkrah
pangon kang setya aweh banyu seger
Tumraping kalbu kang salit lan lungkrah
tumrahing tirta panguripan sanyata binabar bebener

Ya pangonku satuhu iku Gustiku
gawe urip ayem lan tentrem rahayu
Panuntune mili jroning kalbu
kwasaNya tentrem maring uripku

JM, gagat bangun, 23420. 
       dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN