GUMREGAH LAN SANTOSAA
kaunggah uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2648162805462840&id=1684548218490975
Lamun ana sawetara kedadean asring dibarengi pratandha yen bakal kedadean. Tandha-tandha iku bisa njalari wong-wong padha sumelang, nanging ana uga wong liyane kagugah semangate.
Dene sikep lan tangkepe wong gumantung carane wong mau negesake tandha-tandha kasebut. Waspada lan patitis anggone mangerteni pratandha mau nedya anggone tumindak oleh asil kang becik, suwalike yen kleru anggone mangerteni pratandha paedahe kang kapethik iya bakal ora ana malah kepara muspra ora piguna.
Kita asring tansah was sumelang ngadhepi kedadean ing urip saben dinane. Warta pageblug, bencana alam, regejegan lan padudon ing antarane warga bangsa kadya nora ana rampunge. Maneka warna kedadean iku nuwuhake pitakonan kenapa kudu kedadean.
Dhawuhe Gusti kacetha lan nyata kita aja kuwatir pracayaa Gusti bakal paring pitulungan. Sayogyane iman kapracayan kita mring Panjenengane aja luntur. Gumregaha lan santosoa ing iman kapracayan kita. Senadyan donya gonjang-ganjing, nanging umating Gusti kudu tetep kuwat santosa jroning iman kapracayan nunggil ing Gusti.
Pasrah lan sumaraha Gusti ora bakal negakake, pracayaa kabeh bisa kaentasake saka samubarang karibedan iya awit saka Sih kanugrahane Gusti piyambak.
Sumangga! Gusti amberkahi... Amin!
JM, madya ratri, 3420
dening eNPe

Komentar
Posting Komentar