SAUPAMA SANG SURYA NORA JUMEDHUL

kaunggah uga ing
https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2664125807199873&id=1684548218490975

Saupama wanci esuk sang surya nora jumedhul
klewa-klewa mlethek abyoring sorot
pangangenku urip ing rasa sepi
jroning pepeteng kang lelimengan

Nanging Pasuryane Gusti madhangi ing nala iki
bakal miyak reribed ndulu panyawang
napaki darmaning urip bebrayan
krana Suryaning Gusti nambah pepadhang

Datan nglirwake urip ing donya iki
amarga iku uga sinung nugraha
nedya bisa urip tentrem rahayu
ngresepake endahing riptane Gusti

JM, rolikuraprilrongpuluh
        dening eNPe


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN