KENTHANG, ENDHOG LAN KOPI

  kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1ECmCc8mSW/

Ana bocah wedok sing sambat marang bapake yen uripe sarwa susah lan dheweke ora ngerti kepriye bisa ngatasi. Dheweke rumangsa bingung lan kesel wus ngupadi saben dina ora ana asile. Saprakara bisa dirampungke kasusul prakara liya sing kudu dirampungake.

Bapake sing gaweane juru masak (koki) ngajak menyang pawon. Banjur njupuk panci telu diisi banyu nuli ditumpangke ing kompor sing genine gedhe. Panci-panci iku banyune wiwit umop njur panci kapisan kacemplungi kenthang, panci kapindho kacemplungi endhog lan panci katelu kacemplungi wiji kopi.


Si bapak ngenteni sawetara wektu nganti panci-panci mau banyune bener-bener umop, datan ngomong apa-apa mring putrine. Putrine nggresah sajak ora sabar kira-kira apa ya sing arep ditandangi bapake.

Sawuse rong puluh menitan, si bapak mateni kompor banjur ngangkat kenthang, endhog lan wiji kopi dideleh ing mangkok.
Nuli nyendhok kopi dideleh ing cangkir, si bapak mirsani putrine lan ndangu, "Ndhuk, apa sing kok sawang?"
"Kenthang, endhog lan kopi", enggal-enggal si putri mangsuli.

"Nyedhaka rene, demeken kenthang iki!", dhawuhe si bapak. Si putri manut nyedhak lan ndemek kenthang sing wus empuk. Banjur bapake dhawuh supaya njupuk lan mecahke endhog godhog. Pungkasane si bapak dhawuh supaya si putri ngicipi kopi.. heem kopine semerbak wangi njur si putri katon eseme.

"Bapak, sadaya punika punapa nggih werdinipun?", pitakone si putri.

Bapake njur nerangake, "Kenthang, endhog lan wiji kopi padha dene ngadhepi tantangan yaiku banyu umop!"
"Coba pigatekna, siji lan sijine sing kelakon beda-beda."

Kenthang iku kuwat, nanging nalika dicemplungke banyu umop, kenthang dadi empuk lan lumer.
Endhog sing katone ringkih, krana kulite sing mbungkus isine sing isih mbanyu sawuse dicemplungake ing banyu umop njerone ndhog mau dadi atos.
Nah wiji kopi sing beda dhewe sipate, sawuse kacemplungake banyu umop ngetokake ganda wangi marakake seger.

"Laa .. , sliramu klebu sing endi ndhuk?" pandangu bapake.
"Nalika kowe nemoni masalah, kepriye anggonmu ngadhepi? Apa sliramu kadya kenthang, endhog apa kopi?"

Tuladha kang bisa kapethik,
Jroning urip iki, akeh bab-bab kang kadadean ing sakiwa tengen kita. Nanging salah sijine kang bener-bener utama yaiku apa kang dumadi ing jroning dhiri kita.
Dadi ing endi dhiri kita? Apa kita kadya sawijine kenthang, endhog apa kopi?

Sumangga!

JM, sirep bocah, 9420
     dening eNPe

  kadudud saka ing 

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN