PANDULU URIPE MANUNGSA
kaunggah uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2647433882202399&id=1684548218490975
Mripat iku minangka pirantine badan kang penting lan pengaji banget. Senadyan ukurane cilik nanging pigunane gedhe banget tumrap uriping manungsa.
Mripat bisa njalari kita ngrasakake seneng, sedhih, gela uga nepsu, duwe pengarep-arep utawa ora, bisa gawe tumindak becik lan ala lsp.
Sinebut uga " mripat iku diyane urip", lamun mripatmu becik, katon seger padhang sakojur awakmu, nanging lamun mripatmu ala/jahat, mula katon peteng lan reged sakojur awakmu.
Jlentrehe mengkene, dene yen kita nyumurupi bab-bab kang sarwa becik, kita uga pikoleh kabecikan. Kosok baline, yen mripat kita kasaput dening bab-bab ora becik nadyan sethithik bae mula kita ora bisa nyumurupi kabecikan-kabecikan kang ana ing sacedhake kita.
Kaya mangkono iku mripat mujudake pandulu ya piranti kanggo dulu utawa nyumurupi samubarang ing urip kita.
Nalika saiki bangsa lan nagara kita lagi ketaman bebaya ananing panyebaran virus korona kang bisa njalari kesehataning wong mundur dadi lan larane malah bisa tumekaning pralaya. Pikoleh kang luwih jembar andadekake samubarang darmaning manungsa rusak tatanane ya sosial lan ekonomi.
Pamarintah sengkut anggone budidaya ngatasi kahanan iki supaya bisa bali pulih. Katitik uga para dhokter lan pamong kesehatan sarta para sukarelawan rila ngurbanake nyawa.
Eee.. masa alah.., emane ana bae wong-wong, pangamat, politikus, tokoh masarakat malah pejabat sing mripate kesaput ala ora bisa nyawang kabecikan-kabecikan mau. Anane amung ndulu bab-bab kang ala bae ing sabanjure nyebar rasa kuwatir, kuciwa, nacad, pitenah lan nyebar kabencian gembar gembor ing media sosial ngala-ala mring kang tinanggenah nangani tugas-tugas mulya mau.
Iba kebangeten wong-wong mau, ora duwe ati lan rasa tepa slira amarga mripat batine wus katutup rereged kebak rasa drengki lan duraka.
Ayo kita anjaga mripat kita supaya bisa melek lan nyaring apa kang kita sawang, supaya kang mlebu ing pikiran lan ati iku bab kang sarwa becik didohake kang asipat ala.
Sumangga! Gusti Allah amberkahi
Salam sehat Indonesia ✋✋
JM, lingsir wengi, 3420
dening eNPe
sumber kadudud saking : https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=10222383851974151&id=1503470400

Komentar
Posting Komentar