MARGA UDAN BISA ONCAT SAKA MIMIS BEDHIL

 kapaak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2661234687488985&id=1684548218490975

Ing sawetara wektu iki pendhak sore ngarepake surup  asring ana udan deres kaesokake saka langit, para kadang akeh kang wus duwe rancangan werna-werna njur padha ngersula lan gremengan malah nganti ana sing nepsu ora ana juntrunge.

Ing ngisor iki ana carita kang bisa kita semak kanthi permati , mangkene caritane :

Ana sawijining sudagar sugih mulih saka pasar nunggang  jaran anggawa ubarampe dodolane sarta sakanthong dhuwit kang dikalungake ing gulune jaran. Dumadakan udan deres kaya kaesokake saka langit nganti sandhangane teles kalebus uga ubarampe liyane klebu kanthonge sing isi dhuwit. Satekaning ing tengah ngalas kang sepi, dumadakan ana begal kang gawe kagete kanthi ngathungake bedhil lan tanpa ngomong apa-apa njur ngunekake bedhile. Ananging apa sing kadadeyan, amarga bedhile teles kena banyu udan mimise ora bisa mbledhos dadi ya bedhile mejen.

 Si sudagar tanpa mikir maneh banjur anggebrakake jarane gegancangan mlayu nganti bisa oncat saka begal mau.

Sawuse selamet si sudagar jroning ati celathu : ” Aku iki gemblung tenan, nganti muring-muring  kodanan saking derese kang pinaringake dening Gusti Allah dadi lan selamete aku ora katrajang mimis bedhile begal mau, coba yen ora udan deres aku bisa tiwas kena mimis bedhile begal mau”. Sudagar ngrumangsani kaya mangkono njur celathu : “ Dhuh Gusti kepareng Paduka paring agunging pangapunten dene kawula ngantos grundelan kalawan ngawon-awon lan ngipat-ipati Paduka”

Tuladha kang bisa kapethik mangkene, sanadyan kita manungsa kang lagi nandhang kasusahan utawa bilai, elinga yen pacoban mau Gusti Allah kagungan kersa liya kang luwih apik tumraping kita, kalawan tulusing ati tansaha saos sokur ing kahanan apa bae!

JM, sirep bocah, 18420
         dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN