PRIHATIN NDULU SOLAH BAWANE MASARAKAT

 kaunggah uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2660669860878801&id=1684548218490975

He sakèhing para mitra kadang kinasih satuhu
dipadha tilingna,
he sakèhing sadulurku
dipadha prayitna

Yagene nganti wringutên marang karubêdan pêndhak dina
rikala sira kinêpung ing mêmala
padha ngugêmana dhawuhe para pamong kang ngêmban praja
murih enggala sirna sing prahara

Ayaw tambêng solah bawa sasênêngira
nora maèlu, bisa nyilakani mring kadang liya
nênular mêmala kang datan kèksi nora kasat mata
sangsaya ngrêmbaka kadang kang nandhang sangsara

Nang Omah Wae (NOW) kang prayogi
liwat jêjaring sosial kang dèn udi
ngibadah, pawiyatan, nyambut kardi
sarwa kalêksanan kang kaèsthi

#lukitaningprihatin

JM, gagatbangun, 18420
        dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN