TEBIH SAKING RAOS KAADILAN (njagake endhoge si blorok)

   kapacak ugi ing https://www.facebook.com/share/p/16zEeC4Vzw/

 Kita nguningani bilih ing gesang pasrawungan rat nyata kathah kedadosan ingkang tebih saking raos kaadilan ingkang tansah dados pangangen-angen sesarengan.

Kadosta : wonten tiyang ingkang kaparingan kasugihan lan kaurmatan, mubra-mubru ngantos boten kekirangan punapa kang dados kakaremanipun, nanging kosok wangsulipun kathah tiyang sarwa gesang kecingkrangan, kangge nedha kemawon kedhungsangan /rekaos sanget.

 Kawusananipun Allah boten ngeparengaken tiyang punika anikmati /angangge barang-darbèkipun wau, nanging estunipun tiyang sanes kang ngginakaken. Emanipun tiyang punika taksih kemawon mburu kasugihan gesang kadonyan. Kadosipun gesang ndadosaken tanpa piguna lan damel seriking tiyang kathah.


 Manungsa racakipun anggenipun nyambut-damel kalawan ngrekaos nedya pados upa /pangan, kamangka pepenginan wau dereng kantenan keturutan sadaya lan ketungka ngunduri yuswa nandhang sakit ngantos ajalipun. Punika sadaya ugi tanpa piguna, sami kaliyan mburu angin. 

Pramila langkung prayogi nikmati barang ingkang sampun pundarbeki, ketimbang ngantu-antu barang kang dereng kantenan puntampi (njagake endhoge si blorok), temahan ngesupenaken gesangipun ngasanes kang taksih prelu punentasaken saking kekiranganipun.


Salam tentrem rahayu kang tinemu

bagas saras kang linaras

bagya mulya kang pinanggya

berkahing Gusti kang tinampi

Aa_aamin 🙏 A__aamin 🙏


JM, lingsir wengi, 10925

          ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

          [^__^]  [^__^]

 


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

JÊRITAN NGISOR KRÊTÊG

BÊBÊNDU