ALÕN SANG SURYÅ GUMIWANG
kapacak ing https://www.facebook.com/share/p/1BHfw7h3uJ/
Alõn sang suryå gumiwang, sêmburat ayu mêmayu
kitå antuk pangasoan kanthi têntrêm rahayu.
Sang ratri nglimputi bumi abyõr cahyèng kartikå
nêlahi nyunarkên asmå Allah Gusti kitå.
Kasugêngan duk ing ratri ngambarakên rum-wangi
rèrèh sing bõt kasanggi ayõm ing sihing Gusti.
Tilingnå swårå manis ing gênthå pandongå
sokur pådhå aturnå. He, gênthå, ngumandhangå
dadyå sanguning nendrå.
JM, anganggit råså, 20925
✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar