DURATMÅKÅ WÊNGIS DATAN KAMANUNGSAN
kapacak ugå ing https://www.facebook.com/share/p/19i17CYd59/
Akèh wõng uripe jroning kamlaratan,
sangsårå krånå datan sih katrêsnan.
Oh, ibå sakèhe wõng pådhå ngungsi
katindhês dening ancêman lan prahårå nggêgirisi.
Kaum wadõn, anak-anak disiya-siya,
diblêdêri, diêdõl lan dirudåpêkså.
Prå duratmåkå wêngis datan kamanungsan,
anjijiki kadyå kewan kurang sajèn mangan.
Bêbêndune Gusti bakal katandukake
dosâ kang wus ngambrah-ambrah sakêpenake.
JM, lingsir kulõn, 07925
✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar