SADURUNGE KABEH KASEP
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/19pAvV5pQ4/
Kanikmatan kadonyan kerep banget agawe manungsa lepya dene apa kang didarbeki iku sipate ora salawase lan ora amung bisa dipigunakake kanggo kakaremane dhewe, ananging sejatine iku kabeh peparinge Allah kang ana sabagean hake wong liya. Mangkono manungsa, asring lagi ngrumangsani lan kasep yen urip iki amung mikirake awake dhewe bae. Pancen kagelan lan kaduwung iku tekane telat.
Iku kabeh sejatine mujudake 'hukum alam' kang dumadine wiwit jaman manungsa tumiba ing dosa nganti jaman samengko iki. Ora bisa diselaki yen carita-carita ing ngendi bae dununge tansah keprungu sawetara akeh wong-wong padha mburu lan keklumpuk bandha donya ngluwihi apa sing samesthine, lali bebage marang sapepadha. Akeh pepeling lan tuladha kang uripe srakah bakal nemu alangan ing urip pedinane, nanging tetep bae manungsa ora owah sipat kang ndhaku apa kang didarbeki iku duweke dhewe.
Mulane sadurunge kabeh kasep/telat, ora sathithik pitutur-pitutur luhur saka para piyayi wicaksana, pandhegane masarakat, pemimpin-pemimpin adat lan agama kang tansah kagiyarake padha mratobata marang dhawuh lan angger-anggere Gusti salah sijine yaiku "Aja padha memelik duweke wong liya" aliyas jejupuk hake ngasanes.
Nuwun,
rahayu wilujêng kang dènajêng
bagas saras kang linaras
bagyå mulyå kang pinanggyå
berkahing Gusti kang tinampi...
Aa_aamin A__aamin 🙏🙏
JM, lingsir wetan, 17925
✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar