MUKIDI GAWE PRATINGKAH ING SEPUR MALEM

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1Aa5sV23HN/

Bengi iku, Mukidi nunggang sepur klas ekonomi menyang Yogja. Mlebu gerbong wis gawe ulah nggoleki kursi lungguhane.


"Nomer kursiku 15B, ning kok isine koper karo ayam ya? Aja-aja aku sabangku karo kewan..."


Penumpang liyane padha cengar-cengir. Sidane Mukidi lungguh, nanging durung limang menit wiwit metu usile :

Sepisan, dheweke ngundang pramugari sepur : "Mbak, yen sepure ngebut, aku ora usah bayar kan? soale aku ora bisa ndelok pemandhangan." 😜


Pramugari mung mesem kecut.

Ore let suwe, sepur mandheg ing stasiun cilik. 

Mukidi mbengok:

"Pak Masinis, aja mandheg suwe-suwe ya, aku selak pengin turu kuwatir ketinggalan impenku ketemu pramugari!" đŸ€ȘđŸ« 

Penumpang sagerbong njur padha ngguyu ngakakk....đŸ« đŸ€­


Ngepasi pinuju lampu dipateni, Mukidi malah mbukak bontotan sega wungkuse. Ambune ngambar-ambar sagerbong. Penumpang liyane sing luwe dadi kagodha.


Sawijine bapak-bapak alok:

"Mas, rendhange ....hemmm wangi banget. Entuk aku njaluk bagean sethithik?"


Mukidi aweh wangsulan, "Kena ae, anggere bayar ongkos karcis tambahan. Iki jenenge dadi kelas Ekonomi plus rendhang."


Wusanane, kabeh sagerbong padha ngguyu ngakak bareng...ha haa haaaa... njur ana sing usil bengokk..

"Pak kondhektur, tambahi kursi mligi kanggo Mukidi! Soale kursi biasa ora kodal ngemot kelakuane!" đŸ€­


Sanalika Kreta Malam iku owah dadi kaya 'Stand up Comedy' gratis. Para penumpang padha kalipur nadyan pramugari wis kentekan sabar akale.

Hehe hehee.... ana-ana bae si Mukidi gawe dhagelan lelahanan aliyas gratis tis.... đŸ€Ș😜


JM, rolikur september '25

          ✍️ 𝖊đ•čđ•»đ–Š ✍️

          [^__^]  [^__^]

 




Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

JÊRITAN NGISOR KRÊTÊG

BÊBÊNDU