SWASANA PASAR KEWAN

    kaemot uga ing https://www.facebook.com/share/p/14Ns5N6ZnUu/

🧔 Bakul wedhus :

“Haloha hallohaa … ayo sapa sing butuh wedhus!.., iki wedhusku sehat kabeh, wulune kinclong bisa digaee brengos palsu, mulane nggragas kie, kokoh kaya bodyguard DPR!... hehehee..”đŸ’Ș


👹 Wong tuku :

“Wah, sehat ya, Pak? Mosok?, koq kokoh kaya bodyguard DPR?” đŸ€­


🧔 Bakule wedhus :

“Lha iya ta… wong ditarik nang kandang ora gelem mlaku malah mbegegeg, kudu digeret nganggo buldhoser, kaya DPR nek ditarik rakyat!” đŸ€ȘđŸ€Ș👋


👹 Wong tuku :

“Terus, regane pira.. pake?”


🧔 Bakule wedhus:

“Sing iki murah mas, limang yuta ae, ora nganggo ngutang!.”


👹 Wong tuku:

“Lho, kok larang men? genah iku wedhus biasa wae kok.” đŸ« 


🧔 Bakule wedhus:

“Lho iki dudu wedhus biasa, mas! Wedhus iki nek disembelih… bisa nyanyi lagu dhangdhut koplo lan campursari dhisik. Bene ngrameke acara hajatane pak Lurah, hehehe!”💃đŸ•ș


👹 Wong tuku :

“Ah mosok sih?? coba kalungna peso iki!” đŸ« 


🧔 Bakule wedhus:

“Yaaa ... rugi aku! bayaren sik!

 Lha nek ora percaya… takoka sing mbiyen tau tuku kene langsung komplin, ‘Pak, bener wedhuse bisa nyanyi, ning suwarane blero!......' đŸ€ȘđŸ€Ș bakule karo nggitik pupune wedhus. Wedhuse trus jingkrak-jingkrak karo nyanyi ... ''..embÚÚkkk embÚÚÚkkk..." 🐐


Ya wis wedhuse dipakani sik ben ora ngembak-ngembeek keluwen iku.... heheheee đŸ‘‹đŸđŸ«Ą


JM, lingsir kulon, 25925

          ✍️ 𝖊đ•čđ•»đ–Š ✍️

          [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

JÊRITAN NGISOR KRÊTÊG

BÊBÊNDU