DHAUPING JANJI SUCI

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/17JU7Dodxf/

Tyang kêkalih jawat-astå tåndhå manah sajugå,

sinartan janji suci, trêsnå tinrêsnan kaèsthi;

salaminyå sêtyå tansah, jroning bingah dalah sisah,

nêtêpi ing kuwajiban, mrih utami ing bêbrayan.


Janji tamtu dèntêtêpi, wit Gusti wus ngidini;

kinêkahkên, binêrkahan, sinêksènan pasamuwan,

nêdyå tansah gêsang suci srånå mbangun - turut Gusti,

têmahan brayat raharjå, gêsangnyå dadyå tulådhå.


Kalpikå kêncånå adi, têngêring janji suci

pinasang ing driji manis, sinartanan têmbung aris

Kalpikå tandhaning trêsnå, kang langgêng ing salaminyå,

sira iku sisihanku, têlênging sih mung sliramu.


JM, anganggit katrêsnan, 28925

            ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

           [^__^]  [^__^] 




Komentar

Postingan populer dari blog ini

JÊRITAN NGISOR KRÊTÊG

BÊBÊNDU

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊