RYAN, BOCAH KANG AMBANGUN ATUSAN SUMUR ING AFRIKA
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1EWXgiTKu4/
Ryan Hreljac, bocah cilik saka Kanada umure 6 taun nalika ing kelas ana wulangan bab pangauripan samadya wus bisa ngowahi panguripane wong akeh. Nalika iku, gurune nerangake yen akeh tlatah ing Afrika, bocah-bocah saumurane tilar donya pendhak dinane mung merga angel lan ora bisa oleh banyu resik. Kanggone Ryan iku ora gampang ditampa nalare, angel dipercaya, Ryan sing biasane mung kari muter kran ing kulah utawa pawon banyu mancur dhewe. Mula kanthi lugu, polos takon, "Menawi ngaten pinten wragadipun damel sumur?"
Gurune paring wangsulan, "Kurang luwih 70 dolar." Ryan saulihe sekolah duwe tekad gedhe. Dheweke nyuwun dhuwit ibune, nanging sang ibu ngendika dene yen arep pengin biyantu, Ryan kudu nglumpuke dhuwit dhewe. Mulane Ryan wiwit nandangi gawean omah kayata, resik-resik kulah, nyapu lan ngepel jobin, reresik plataran lsp..., nganti bisa nglumpuke 70 dolar tambahan paringane ibune. Nanging wusanane sawuse takon rana-rene, jebul wragad gawe sumur mau ora cukup 70 dolar ning sabenere 2.000 dolar. Kanggone bocah cilik saumurane gunggung samono iku mokal, nanging ora tumraping Ryan!
Dheweke ora mutung, Ryan nyoba nothok lawang tanggane, crita karo kanca-kancane uga ngajak pehak sekolah. Semangat cilik iku nular, wong-wong kagugah dening tekad lan katulusane.
Ing taun 1999. Ryan kasil nglumpuke dhana cukup gedhe kanggo gawe sumur sepisanan ing sawijine desa ing Uganda. Bareng sumur rampung, banyu resik ora mung mili nelesi lemah-lemah garing, nanging uga ngowahi padatan urip anyar, bocah-bocah bisa menyang sekolah ora prelu kudu mlaku adoh luru banyu resik, kaluwarga bisa urip luwih sehat, lan nambahing pangarep-arepan anyar ing desa iku.
Ryan, banjur nyengkakake wektu bisa nekani ing desa iku. Sanalika, atusan wong nyubya-nyubya mangayubagya tekane klawan surak-rurak rame banget, bocah-bocah mbengoki jenenge.. Ryan!.. Ryan!..Ryan!!
Bayangke bocah seka Kanada sing sadurunge mung murid kelas siji SD, saiki dadi kondhang ing sebrang benua merga katulusan atine! Saka kono Ryan ora nate mandheg, tetep nerusake cita-citane biyantu sapepadhane ngentasake saka kamiskinan lan kasangsarane urip.
Dheweke ngedegake Ryan's Well Fondation sawijine yayasan pangumpul dhana kang nganti bisa ambangun sumur cacahe 400 sumur punjul ing sapirang-pirang dhaerah ing Afrika. Ora amung nyedhiani banyu resik, nanging uga ngedegake program-program pendhidhikan lan pelatihan murih masarakat bisa ngreksa lan ngopeni lestarine sumber banyu resik kanggo wektu ngarep lan mangsa jaman mengkone.
Kisah Ryan ngelingake kita kabeh dene owah-owahan gedhe bisa kawiwitan seka bab cilik. Bocah enem taun kang ngajokake pitakonan lugu lan polos bisa nggugah masarakat donya lan nylametake ratusan ewon nyawa. Ryan mbuktekake yen niat gawe kabecikan ora kudu ngenteni diwasa, sugih, utawa kakuwasaan. Kang dibutuhake amung ati kang preduli lan wani tumandang kanthi tulus eklas.
Ryan ora amung ambangun sumur, dheweke ambangun pangarepan jaman tembene. Lan pangarepan iku isih tetep mili sailine banyu kang diupayakake wiwit cilik.
Sumangga đ«Ž, para pangrehing praja, para panguwasa, para politisi, para pemimpin nduwuran tekan ngisor, para taruna mudha, mahasiswa lan sapa bae, kita tulad tekad lan semangate Ryan!
Aja amung gembar-gembor golek 'pencitraan, viral', ananging tumindaka nyata kang migunani kanggo kabecikan lan 'kemaslahatan' wong akeh, sayuk-sayuk rukun bebarengan ambangun 'sumur-sumur panguripan' anggayuh kamakmurane bangsa.
Mugya kaijabahi dening Gusti....
Aa_aamin đ A__aamin đ
sorogan : karingkes lan kajarwa saking inggahan sae kangge nggugah semangat sesarengan,
https://www.facebook.com/share/p/1ZQ7t7uyZM/
JM, gagat enjing, 06925
✍️ đđčđ»đ ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar