DAKTOLÈH KANDHÊG SÊDHELÅ
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1CWiMvLtDj/
Daktolèh kandhêg sêdhelå
ing dalan kang dakambah.
Katrêsnane Gusti daktåmpå
ndadèkake aku kapêlêngên.
Dalan iku kêbak lengkak-lengkõk
kanthi datan pêpadhang.
Nanging, Gusti anganthiku
nganti aku kamitênggêngên.
Katrêsnane Gusti anuntunku
twin atiku ayêm têntrêm.
Ora mêrgå aku sampurnå
tanganku digênggêm kêncêng.
Dudu ..., dudu krånå aku pantês
ngantya aku dirangkul lan dirêngkuh.
Oo.., mendah gumunku
karumuntuhan bêrkah kanugrahan kang sarwå endah.
JM, anganggit råså, 14925
✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar