NAMPIK SUMBANGAN UWOS
kapacak ugi ing https://www.facebook.com/share/p/19FUUrbTEH/
Sawijining warga nampik nampeni sumbangan uwos sakarung 20 kg.
Nampik/nolak, tembung kang kanggenipun sebagean tiyang kathah sisah punpahami kamangka si warga wau griyanipun gubug reyot ing dhusunipun.
Tumraping tiyang kathah, bab panolakan puniki nuli sami ngewa-ewa ujar, "Wis mlarat, kakehan nggaya ora gelem nampani upasraya (sumbangan, biyantuan)."
Ananging, kocapipun kapireng wangsulanipun warga wau, kita saged methik piwucal kang adi sanget, wangsulanipun makaten : "Beras kula teksih khathah, kula boten pendhet bantuan beras 20 kg niku, lha wong beras kula teksih enten, sing riyin nggih dereng telas."
Cobi pungatosaken, saking caranipun nyukani wangsulan katingal prasaja boten gadhah pendhidhikan inggil lan misuwur. Nanging saking wangsulanipun wau ngetingalaken mendah mulya isi manahipun lan boten neka-neka. Mratandhani piyambakipun nggadhahi jiwa langkung mulya katandhing kaliyan saperangan kathah kita kang gesang langkung mapan.
Manahipun resik, kang tansah rumaos cekap lan narima boten nate ngraosaken kakirangan. Gadhahi wewengan lan hak kangge pikantuk kapreluan kang langkung (anut ukuraning tiyang limrah) boten punpigunakaken, piyambakipun ngukuhi satembung ingkang dipun kasupenaken dening tiyang kathah inggih punika tembung "cekap".
Inggih estu!, warga punika rumaos cekap punapa kang sampun lan taksih dipundarbeki, boten malak lan melik aliyas boten srakah andarbeki mring barang kang langkung kathah.
"Yen sapiring wae bisa gawe kita wareg, kenapa kudu srakah njupuk piringe wong liya sing luwih mbutuhake?"
Kinten-kinten kados makaten alesanipun warga punika boten mendhet uwos wau, mila kita yakin bilih 'piyambakipun yakin wonten pehak warga sanesipun ingkang taksih keluwen lan mbetahaken tinimbang piyambakipun.'
Makaten kinten-kinten piwucal ingkang saged kita pethik. Satunggaling tapukan lan tampekan ing rai tumrap kita sadaya, utaminipun para wakil rakyat kang pikantuk bantuan tunjangan uwos 12 yuta sawulan nanging taksih rumaos kirang!❗️ hemmm ....miris sanget nyumurupi datan kaadilan kang punsandhang rakyat kang kacarios dipun wakili. Malah kalihan joged-joged nalika mireng bilih gaji lan tunjangan griya badhe mindhak kuwaaa...thah sanget-nget đ« đ„ž... jomplang sanget katandhing kasangsaranipun rakyat đ€đ€
Mugya pamangku kawicaksanan kawiyak ati nuraninipun matrapi kadadosan ingkang nusuk raosing kaadilaning masarakat kathah, temahan sageda anggayuh mujudaken masarakat adil makmur kadya ingkang punamanataken dening UUD'45 (dede Ujung-Ujunge Dhuwit lho!đ)
Nuwun nuwun,
mugya sih karahayoning Gusti tansah rumentah mring kita bangsa Indonesia..... Aa_aamin đ A__aamin đ
JM, lingsir wengi, 03925
✍️ đđčđ»đ ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar