KAPRIHATINAN SABANGSA

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1JaY1edT5J/

  Asring kita mrangguli lan migatekake sadhengah apa sing kelakon ana ing donya iki. Kerep wae wong mursid (uripe becik) ngalami ngrekasa, nanging wong duraka malah tampa ganjaran sing mesthine kanggo wong mursid. Apa kuwi diarani ora adil? Iya!, temtu ora adil.


Iku kasunyatan sing meh pendhak byar kita kasuguhan ing pawarta-pawarta TV uga ing medsos.

Coba digagas, wong sing tumindak kadurakan contone koruptor, tukang apus-apus lan maling, ana sing merjaya wong liya lsp, isih gentayangan bebas ora rumangsa luput, malah duwe pangkat lan panguwasa ing keprajan, pamarentahan uga bebadan dhuwur negara. Uripe mubra-mubru sarwa nguja kacukupan (kemewahan) kurang pepeka (sembrana ing rasa pangrasa) marang kasangsarane wong cilik. Kaya-kaya uwong mengkono iku ora mempan ukum (kebal ukum) sing bisa agawe seriking lan kuciwa masarakat cilik. Kahanan kaya mangkono iku yen ora enggal diatasi suwening-suwe bisa dadi gunung kang pungkasane mbledhos. Iku kedadean ing wekasan iki. 


Kadya kang kita kauningani, datan kanyana-nyana jroning etungan jam sampyuking ombak protes kadadean ing ngendi-endi kawiwitan ing pusat perwakilan rakyat lan pusat pamarentahan, kasusul ing kutha-kutha gedhe liyane ing saindhenging negari. Iba nggegirisi lan mrihatinake, apa kang ora kita karepake kapeksa ana sing dadi kurban minangka tumbal ananing rasa datan kaadilan kang wus matumpuk-tumpuk rinasakake dening masarakat umum.


Hee para anak bangsa kabeh wiwit saka nduwuran nganti tumekane masarakat wong cilik...., ayo! padha saiyek saeka-praya, guyub rukun meneping rasa lan pikir, singkurna kabencian lan kawengisan mring sapepadha, saanak bangsa sawarganing negara kang kita tresnani iki. 

Aja padha regejegan tuwin memungsuhan ing antaraning siji lan sijine, padha diprayogakake guyub bebarengan ro kancane ambangun praja kanggo kamakmuran lan katentreman bangsa. 

Ayo kita jaga lan kita openi asil pembangunan temahan bisa kita nikmati bebarengan tumekaning anak putu kita mbesuke. Aja nganti barang-barang sing migunani kapentingan umum muspra ilang tanpa lari sakrepyekan... ohh mendah emane lan mrihatinake kadadean iku.


Wusana, sumangga kita samya sumungku ngadhep ing ngarsaning Gusti Kang Maha Kuwaos lan Maha Wilasa, nyadhong lan nyuwun pangaksama dosa-dosa kita umat abdine Gusti.

Mugya Gusti amberkahi kita sanggyaning umat kinasihe...... Aa_aamin 🙏 A__aamin 🙏


JM, gagat bangun, 02925

          ✍️ 𝖊đ•čđ•»đ–Š ✍️

          [^__^]  [^__^]


  gambar minangka pepatut,





Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

JÊRITAN NGISOR KRÊTÊG

BÊBÊNDU