Postingan

Menampilkan postingan dari Juli, 2025

ESUK KANG ENDAH

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/v/14DpAMe6Q5o/ Ing wanci esuk kang mubyar, langit biru lembut soroting raditya mbrabas nembus gegodhongan. Ing ngarep sawijining omah ana kanoman priya ngadeg karo mesem tangane dhadha-dhadha..., " Sugeng enjing! .." sapa aruhe semangat. Ing suwalike jendhela kayu, jumedhul kenya ayu, males sapa aruhe sinungging esem manis, " Sugeng enjing uga!.. " wangsulane sumringah. Ora let suwe, kanoman sakloron iku sarujuk mlaku-mlaku bebarengan. Petamanan cilik ing cedhak pomahan kono dadi tujuane. Ing sadalan-dalan sakloron mlaku sajajar sinambi ngresepi hawa seger wanci esuk. " Seneng bisa mlaku-mlaku wong loro kaya ngene iki, jeng!" , clathune si priya karo nglirik. " Iya mas, aku uga seneng! ", wangsulane sang kenya, mripate katon blalak-blalak bening sajak sumringah. Ora adoh saka kana, priya kanoman iku nudingi sawijining bangku taman ngisor uwit kang edum, " Yuk, lenggah ing bangku iku!" ...

MBUDIDAYA MENGKONI ING PIREMBAGAN

    kapacak ugi ing  https://www.facebook.com/share/p/171jAcuY3C/ Mbudidaya mengkoni, nguwaosi, ngereh ing pirembagan punika mujudaken patrap kirang wicaksana klebet boten sae kang pikajengipun mbokbilih boten punrumaosi dening kathah-kathahing tetiyang. Sacara kajiwan, patrap makaten punika  dipunjalari/dipunsebabaken nggadhahi pangraosing raos kirang 'pracaya dhiri' utawi gadhah raos sanget-sanget kuwatosipun. Ngeyakini prakawis kang sampun sumebar (viral) senadyan dereng kantenan leres botenipun lan sajak angel punsrekal, pramila bilih angadhepi/manggihi lawan wicara sepintena yuswanipun, status sosial lan gelar, boten prelu mbudidaya nguwaosi salebeting pirembagan. Ngemutana lamun dene wonten pitutur, " Sapa sing bisa mekak obahing lathi, iku kang duwe akal budi ", mratelakaken sangsaya kathah tembung ingkang kaucapaken, sangsaya ageng bebayanipun anggenipun damel kalepatan, mila mekak obahing lathi kaprayogakaken patrap kang wicaksana. Kita perlu nglelantih ngem...

KI SADA WANGI dongenging wong wicaksana

Gambar
    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1ArJQrxPgj/ Ing perenging gunung Sumbing, ana sesepuh wicaksana jejuluk Ki Sada Wangi. Dheweke urip samadya nanging dieringi lan diurmati, jalaran tansah mbiyantu warga mawa pangobatan tradisional, pitutur lan elmu kanuragan. Pendhak dinane, warga teka lir gumanti, ana sing sakit, ana sing bingung oleh impen suker, ana uga sing kelangan enering urip. Ki Sada Wangi mbiyantu kang padha usada/jejampi klawan sareh lan sabar gawe rasa tentrem sarta tanpa pamrih. Senadyan umure wus sepuh, nanging badane tetep pideksa, lan saka anggane ngganda arum mula dijuluki Ki Sada Wangi. Sawijining dina, ana bocah desa cedhak kono ilang ing alas pereng gunung Sumbing. Warga bingung lan golek pitulungan. Ki Sada Wangi melu-melu urun tetulung, migunakake olah batine lan bisa nemokake dununge si bocah, slamet ing jeron jurang kasaput pedhut. Nalika kabar Ki Sada Wangi sumebar, teka Tumenggung Kerta, bangsawan sesongaran (angkuh) asal njaba...

SANG MILIUNER PUPUT UMUR KRANA TAWON CILIK (LEBAH)

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/19XyimU4jV/ Sunjay Kapoor saka negeri India, ahli waris krajan peralatan otomotip India kang misuwur. Uripe dikupengi kamewahan sarwa wah, akses kesehatan, pangan sarwa wah, jet pribadi, klub olah raga misuwur lan sadheret kabegjane urip kadonyan liyane. Salah siji kabegjan liyane yaiku Sunjay tau dadi bojone Karisma Kapoor, artis Bollywood kang kondhang banget, sulistya ing sarira. Bandha, kakuwasan, wanita (3's Ta : harta, tahta, wanita) ndadekake uripe Sunjay Kapoor sarwa komplit ing donya. Ananging..., 🤕 kabeh mau ora bisa ngalangi sawijining titah cilik yaiku lebah 🦟 njalari lumantare mungkasi uripe. 😈 Kadadean critane kira-kira ringkese mangkene : Sawijining dina, Sunjay Kapoor lagi main jinis olahraga Polo ing Guard Polo Club Inggris sawijining klub misuwur dhewe ing donya. Panggonan pakumpulane para bangsawan, para pengusaha sugih lan artis misuwur liyane. Nalika sajroning patandhingan polo lagi lumaku, Sunj...

TRÊNYUH ATI (Macapat Dhandhanggula)

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1AjMHBRQ6M/ Rinênggå sêpi ing wêngi, Sumilir angin ngrujit ati, Kèlingan janji lumintu, Sumunar pasuryanmu, Nanging adõh katõn samar, Kang tyas mung kari lårå, Jêroning ati susah, Nangis tan katõn êluh, Lir têmbang alam impi, Trênyuh ati, dudu pangangên-angên. Tansah nyimpên ing råså, Trêsnå tan biså ngucapnå, Sa-kêdhèp ra ngilang sliramu, Kåyå lintang ing langit, Padhang nanging ora têkan, Adõh nanging tansah katõn, Bangêt trêsnå, ringkêl ati, Yèn sliramu ora bali, Ati iki mung kari, Swårå têmbang kang ngrêrujit ati. JM, anganggit råså, 12725             ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️             [^__^]  [^__^]  sorogan :  nuwun sewu bokbilih rakitanipun tebih saking paugeran rumusan Macapat Dhandhanggula (awit taksih gegladhen, cobi-cobi twin sinau ngrakit) ✌️✍

AJI LAN BIYUNGE SING KALALEKAKE

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/15XSBVUhCv/ Ana bocah lanang jenenge Aji, urip bareng karo biyunge ing desa cilik kang tentrem. Bapake wis kapundhut nalika Aji isih cilik, lan biyunge sing ngopeni Aji kanthi sabar lan tulus. Saben dina, biyunge dodolan sayur ing pasar kanggo nyekolahake Aji. Suwening-suwe, Aji saya gedhe lan mundhak pinter. Dheweke banjur mangkat menyang kutha niate golek gawean. Aji olèh pakaryan sing apik lan uripe saya makmur. Nanging emane, atine Aji saya adoh saka biyunge, malah kepara wus nglalekake. Nalika biyunge menyang kutha arep niliki anake, eee.... Aji malah isin lan ethok-ethok ora kenal. > “ Nyuwun pangapunten, Ibu. Kula mboten mangertos panjenengan sinten ,” ujare Aji klawan nyenyengit ora ngenakake ati. Biyunge mung mlenggong, ngempet sakit penggalihe lan muwun. Nalika biyunge bali menyang desa atine remuk kelara-lara, nadyan mangkono tetep ndongakake anake. Lumakuning wektu pirang taun kepungkur, Aji tansah urip ...

PASADULURAN PRASAJA MUJUDAKEN SEJATOSING KABINGAHAN

    kapacak ugi ing  https://www.facebook.com/share/p/1CQGxD8rFE/ Enjing punika langit sumunar, srengenge mlethèk saking brang wetan. Sumiliring bayu ngusap kulit, mbekta raos asrep lan tentrem. Joko, Danu, lan Wiro ingkang sami sekolah ing kitha kabupaten nembe preenan wangsul dhusunipun lan sampun sami kangsenan/janjian badhe pit-pitan sesarengan blusukan ngubengi sawah lan kampung. Joko ngampiri griyanipun Danu, “ Wis siap, Danu? ” sapa aruhipun Joko kaliyan mesem. Danu mangsuli, “ Uwis! Ayo budhal, Wiro wis ngenteni ana pojok desa kaya biasane .” Sasampunipun pinanggih, lare tiga nunten nyengklak pit gowes sareng. Marginipun sepen, namung kapireng swanten ocehanipun peksi lan swantenipun ban nyakruk kerikil. Kadhang sami gegujengan, sami nyanyi lon-lonan klawan sumringah ketingal semangat! Dumugi ing pinggir lepen, sami mandheg sekedhap. Ing ngriku, angin langkung sumilir, toyanipun lepen mili bening, tetuwuhanan lan ron-ronan ijem sami goyang kadya jejogetan kesapu s...

MONTOR MABUR WURUNG MIBER (ludrug sababak)

Gambar
    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/16stDXQ59w/ Aku nemu tulisan ing latar akunku FB narik kawigatenku kathik lucu sisan, mula ben luwih nges aku pengin andum/ambage meneh nganggo basa Jawa ya (punten, dialoge diselingi nganggo ďhangdhut koplo 😝). Kira-kira critane ngene : Ngesuk mau montor mabur   (pesawat) Garuda Indonesia tujuan Surabaya - Jakarta wis ancang-ancang arep miber ndadak nganggo wurung budhal, gara-gara swara ribut-ribut ana penumpang klas Ekonomi jenenge Saridin lagi sepisanan nunggang pesawat asale saka Bangkalan ngotot bin ngeyel pengin tetep lungguh nang kursi 2B klas Bisnis. Alex (penumpang nomer kursi 2B iku) ujar, "Ngapunten pak, niki kursi kula!"  Saridin, "Sampyan sopo tah?" Alex, "Aku penumpang pak sing duwe kursi nomer iki." karo nuduhke bording pas-e. Saridin, "Penumpang??... aku iyo penumpang, dho-padho penumpang, dho-padho bayar.., ta iyeg..., gak usah tor-ngatorlah, enak ae rek!" 🫣 Alex njur lapur...

RÊRÊPÈN SAMASTÅ

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/16gN16FnZd/ Radityå esuk sumõrõt rêrêmêngan tètès êbun nêlêsi gêgõdhõngan. Angênku mungkur ngukur jaman  jroning winêngku donyaning kauripan. Ing sêlåning rèncèk kayu sumilir bayu kêmricik lirih ilining kali tirtå katêntrêman sidhêm sêtyå tuhu ing gumlêgêre latar rat måyå. Oh alam, têmbangnå marang aku kidung trêsnå asih kang wêning èstu. Tuladhanånå munjuk sokur sumungku ing sabên wêktu kang mêrdu. Abure pêksi anganggit akåså megå jêjogètan ing cåkråwålå. Aku kapêlêng sumungku ing ayunanNyå rumångså ålå datan suwålå. Ing sangisõr abyõre lintang aku sumarah pasrah datan kêpalang. Wit ing ayunan jagad råyå sumadhiyå dununge aso jiwå.   -Samastå, panggahå ngrêrêpi!-     -salaminyå jroning laras ati.-   JM, anganggit råså, 06725             ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️             [^__^]  [^__^] 

SACUWIL CARIOS PENSIUNAN -renungan enjing-

    kapacak ugi ing  https://www.facebook.com/share/p/1EzzewrGE1/ Sarwa pas-pasan sacara ekonomi kangge tumut reuni mujudaken salah satunggal perang batos ingkang awrat piyambak nanging nunjem ing 'rasa pangrasa' telenging nala tumraping sawetawis pensiunan. Raos kepengin ndhatengi lan kepanggih malih kaliyan para mitra kadang lami asring winatesan manggihi cumpenipun dana. Kinten-kinten makaten andharanipun perang batos, sisan minangka paring 'empati' lan tumut ngraosaken pangraos. Perang Batos: Sarwa pas-pasan sacara ekonomi salebeting ndhatengi reuni tumraping pensiunan. 1. Kapenginan ingkang boten jumbuh kalian kamapanan. Pratelan : Salebeting manah, wonten raos kapang, kangen saged kepanggih, ngemuti samangsa kuliah, aben-ajeng kadang lami. Ananging, nalika nguningani ragad panginepan, tetunggangan utawi malah wragad urunan, pepenginan wau kedah punempet ...inggih, punika kasunyatan ingkang punadhepi/punajengi/punpanggihi.  Swanten batos : "Aku banget pengin t...

URIP SEHAT ADOH SAKA MANEKA LELARA AWIT LINGSIRE YUSWA

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/19AbXvvTJN/ Miturut Dr. Wada (dhokter saka Jepang) manungsa sing ngancik yuswa 80 taun kagolong "Manungsa Begja", dene pesen-pesene supaya sinebut begja, mangkene : 1. Terusa lumaku lan ngobahake angga (olah sarira) supaya badan ora kaku kabeh. 2. Narik ambegan dawa lan jero nalika kita kacentok ing ati (tersinggung). 3. Ngombe banyu (cairan) sing akeh samangsa hawane panas. 4. Sering mamah nggayemi (ngunyah), badan lan utak/polo kita amrih duwe tenaga kekuwatan. 5. Singkuri lan sabisa-bisa ora prelu ngombe obat akeh-akeh. 6. Ora prelu banget-banget ngedhunake tensi (tekanan getih) lan kandhutan gula ing rah. 7. Tindakna apa sing kok senengi, dudu apa sing kok sengiti. 8. Apa bae sing kadadean, sakbisa-bisa aja amung ngurung dhiri nang ngomah bae, prelu nglodhangake wektu kanggo mlaku-mlaku. 9. Mangan apa bae sing kok senengi, anggere aja nganti kalemon. 10. Singkurana wong kang kok sengiti utawa sing nyengiti awakmu. ...

MBAH SURIP DUWE WEDHUS AJAIB

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/14DwzcZxWND/ Ing sawijining dina, mbah Surip lunga menyang pasar karo wedhusé. Nanging wedhusé ora kaya wedhus biasa, jenengé Si Menda. Si Menda nduwèni padatan anéh: yen krungu lagu dhangdhut, geyal-geyol kaya njoged tayuban. Sakdurungé budhal, bojone mbah Surip wis ngelingké, > “ Aja nganti mbukak speaker HP ing pasar, bisa-bisa Menda malah jogedan nang tengah pasar, ngisin-isinaké! ” Mbah Surip mung manthuk, " Iya, ya Bu. Aku wis ngerti!" Nanging ya kuwi, kakehan manthuk durung karuan ngerti tenan mbah Surip-e. Tekan pasar, mbah Surip kepengin pamer. Dheweke nyetel lagu dhangdhut saka HP-ne. Lagu "Goyang Nasi Padang" nggembreng nyuwara. Menda langsung megal-megol, muter-muter, truss... jogèd kaya penyanyi dhangdhut kondhang! Wong-wong pasar padha nglumpuk, ana sing ngrekam nganggo HP, ana sing nggeblak ngguyu kepingkel-pingkel nganti lali tuku sayuran. Satpam pasar teka, ngucap sora : > “ mBah, iki pasar...