WOHING KAJUJURAN >< KADURAKAN -wulang bêbasan luhur-

   kapacak ugå ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0dzKKYAWhnc4njLe1ib7xtGsR3tte1tnkoEKqab7JUBSKYU2sbwPrdush91CEpHLnl&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz


Wong kang jujur iku tinuntun dening katêmênane.., 

balik wong cidrå iku ambyar dening culikane.

Wong jujur kapitulungan dening kabênêrane.., 

balik wong cidrå iku kajirêt dening håwå-nêpsune.


Wong jujur iku sêngit marang goroh.., 

nanging wong duråkå iku gawe wirang lan alane awake dhewe.

Wong kang lakune mursid iku rinêkså dening kabênêrane.., 

nanging kang tumindak culikå digawe sangsårå dening durakane.


Wohing kang bisa kapethik :

  Wulang bêbasan/sanepa kasêbut sanyåtå kapêrlokake dening pårå kang andon pasêksèn ing prakaran pangadilan klawan sayuk sarujuk kanthi jujur bongkar kadurakan tumindak kaculikan, kondhang sinêbut 'justice collaborator'.


  Råså kaadilane masarakat kaangkah bisaa winujud ing wêktu-wêktu sabanjure, kadadean långkå kang sumaji ing sandiwårå sababak iki mugå biså minangkani dadi kåcå pangilon kanggo pårå kang duwe krêntêg tumindak kadurakan åpå bae. 

Eling!!.., "Sapintêr-pintêre bajing mlumpat bakal kêprucut/kêtriwal ugå.!"


Salam rahayu kang tinèmu,

bagas saras kang linaras... 🙏


JM, gagat bangun, 18223

         ✍ eNPe ️✍️

        [^__^]  [^__^]


jarwane :

Orang yang jujur dipimpin oleh ketulusannya. , 

tetapi pengkhianat dihancurkan oleh kecurangannya. 


Orang yang jujur dibebaskan oleh kebenarannya.., 

tetapi pengkhianat terjerat oleh hawa nafsunya. 


Orang benar benci kepada dusta.., 

tetapi orang jahat memalukan dan menjelekan diri. 

Kebenaran menjaga orang yang saleh jalannya.., 

tetapi kejahatannya mencelakakan orang berdosa. 


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN