HAKIM MINANGKANI WAKILE ALLAH
kaunggah uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02RQTMDLeVbDEEtoqCdTmLw4UTXgqgz78Go76RQJ2Qoo3DrCtc5b3uXBBX8CbZi6P4l&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz
Hakim iku minangkani wakile Allah, mangkono kang tansah sinêbut-sêbut ing gêlaran pangadilan.
Mulane dadi sang Hakim kang kajibah ing sawijining prakårå, yogyå biså anggawe pêpancasan/putusan kang adil ing antaraning kang lagi prakaran ugå kanggo nêtêpi råså kaadilaning masarakat.
Ing sajroning ngadili åjå mawang wõng, wõngå cilik yå wõngå gêdhe, rungõknå kang dadi prakarane. Åjå wêdi marang såpå bae kang sêsidhêman nylinthut (bergerilya), åjå kabujuk iming-iming olèh kamulyan luwih kang biså blôndrõkake. Awitdene pangadilan iku kagungane Gusti Allah yå Gusti Kang Måhå Adil, dene manåwå ånå prakårå kang angèl/abõt têtimbangane umarêkå nyadhõng panuntune Gusti supåyå pinaringan katêguhan lan kayakinan miturut kêrsane Gusti yaiku kaadilan biså kaêtrapake.
Sang Hakim kang minangkani lan kaibaratake wakiling Allah, mulå anggõne nibakake gandhèn (palu kayu) kudu pådhå abõte lan pådhå ènthènge. Åjå nganti natõni råså kaadilane masarakat, åjå nganti timbangan abõt sésisih awit rakyat njêrit mbêngõk kang andadèkake kapracayan marang pangadilan iku biså ambyar.
JM, esuk grêjih, 010223
✍️ eNPe ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar