**TUHU PRIHATIN**
Anyipati kanthi prasåjå kaanane nagari iki..,
kadyå susuh kêbak duratmåkå..,
Solahnyå saru anggêgilani lan anggêgirisi..,
pranyåtå nuwuh kasangsarane prå kawulå.
Mbõkyå eling janji yèn tå nora anyênyugih dhiri..,
kadyå wus dadi budåyå 'korupsi' ing nagari iki..,
Angrayah brånåne nagari gawe pitunå kawulå alit..,
nora asih mring sêsami, tan maèlu kawulå kang sêsambat anjêjêrit.
Ibå tuhu prihatin andulu kaanan iki..,
amung biså ngêlus dhådhå..., dhuh Gusti..,
mudyå sinung pangarsi ing budi satriyå tuhu trêsnasih mring prå kawula..,
tan mikir dhiri pribadi nyingkur saking duratmåkå.
Têmah agawe makmur lan guyub rukun nagari..,
anggayuh sêdyå nagari kang gêmah ripah lõh jinawi.
Payo pådhå dèn pêrti lan sokuri..,
mrih sinung yêkti karånå bêrkahe Gusti.
JM, enjing kekes, 16223
✍ ️eNPe ✍️
[^__^] [^__^]
..grothal-grathul sinau gurit..
..nyarap thiwul nyruput kopi pait..
..geng enjing para sutresna..
..salam rahayu kang tinampa..
🙏🤝🙏
Komentar
Posting Komentar