SI ÕMPÕNG BIKKO (dongèngé simbõk)
kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0ySEo9KR3zMLit6gVz5NEM5MBwpN9Tbf47DoTQEwQZMRQwPj1wrHFmkp2Yo4s58ijl&id=100053518547586&mibextid=Nif5ozapacak uga ing
Bocah lucu jênênge Bikko, pawakane lêmu bangêt pakulitane rêsik. Sênêngane nganggo tõpi biru. Mung émane Bikko nora nate mèsêm lan tansah nutupi lambene yèn kêtêmu kanca-kancane. Bikko isin amargå ora duwe untu ngarêp sisih dhuwur aliyas õmpõng. Kålå-kålå si Bikko mikir kênåpå untuku ngarêp dhuwur ora thukul kamångkå sisih ngisõr thukul?
"Untumu ngarêp dhuwur õmpõng, nanging kowe duwe untu bam (graham) akèh biså kanggo mamah/nggayêmi panganan", wangsulane mbõk Srini, nalikå si Bikko takõn simbõke.
"Gusi õmpõng biså migunani kanggo nyigêg/nahan panganan nalikå kitå mamah", simbõke mbacutake.
Dinå sêpisanan mlêbu sêkolah sawuse prèènan, si Bikko nutupi cangkême nganggo kacu/andhuk cilik.(bokmênåwå durung ungsum 'maskêr' 😷) Si Bikko duwe sêdyå åjå nganti ånå sing mõyõki mêrgå õmpõng.
Si Biko lungguh sabangku karo si Blèki kåncå nunggal dhukuh.
"Kênåpå kowe nutupi cangkêmmu?", takõne si Blèki rådå bingung.
"Lårå untu!", wangsulane si Bikko.
"Cobå mênyangå lan nêmõnånå lik Parman, dhèwèke biså ngracik obat lårå untu!", si Blèki awèh pamrayogå karo mèsêm åmbå. Si Bikko mèri mêruhi/nyumurupi/nyipati untune si Blèki pêpak sing thukul rapi.
Mulih sêkolah si Bikko énggal nêmoni simbõke.
"Mbõk, aku kêpengin masang untu palsu yå!", ngono si Bikko panjaluke mring simbõke.
Sanalikå mbõk Srini ngguyu kêpingkêl-pingkêl lan ngiyani kêpenginane si Bikko.
"Yå wis, dinå Minggu mêngko simbõk êtêrke awakmu nêmõni lik Parman. Wis kånå gèk ndang rêrêsik nang jêdhing nuli mangan sing wis simbok masakake!"
Dinå esuke, si Bikko katõn sênêng bangêt budhal mênyang sêkolah, si Bikko sêlak ora sråntå ngêntèni dinå Minggu.
Ing dinå candhake sadurunge wulangan sêkolah kawiwitan, sang Kêpala Sêkolah rawuh mlêbu klas kairing bocah wadõn cilik sing ayu rupane.
"Bocah-bocah, iki Bikki, kancamu murid anyar yå!", bapak Kêp Sêkolah ngênalke murid anyar mau.
"Hee kåncå-kåncå, jênêngku Bikki, aku kêpengin dadi kancamu kabèh yå!", ngono si Bikki cêlathu karo mèsêm åmbå. Oo.. lha dalah gusine sing ugå õmpõng katõn cêthå welå-welå.
Si Bikko unjal ambêgan. "Gèk-gèkan kåncå-kåncå saklas mêngkone nggêguyu karo mõyõki si Bikki, mêsakake..., si Bikki bakal isin bangêt", ngono batin atine si Bikko.
Kocapå åpå sing kadadèn, ora ånå sing nggêguyu, malah kåncå-kåncå pådhå rêbutan nyalami si Bikki. Si Bikki ugå nåmpå nyalami kanthi grapyak malês karo nyêbar èsême katõn nêngsêmake, gêk bocahe ayu manis mulane dadi rêbutan. 🙂
Ahh...!!, si Bikko njur dadi mèlu sêmangat njênggirat ngadêg , "Blèki, ayuk kênalan karo si Bikki!" si Bikko énggal nglêbõkake kacune ing tas sêkolahe.
Mêruhi iku si Blèki njur cêlathu, "Ehh, kowe wus ora lårå untu yå Bikko?", pitakõne karo bingung.😇
Si Bikko manthuk karo mèsêm åmbå ngatõnake yèn gusine sisih dhuwur õmpõng. 😆
Êliding dongèng kang biså kapêthik :
Dadiyå awakmu dhewe, åpå sing kõk duwèni åjå disélaki ananging tampanånå kanthi kêbak råså sokur, åjå mêmelik karo duwèke liyan, åjå nandhing-nandhingake mring wõng liyå, awit åpå sing kõk duwèni iku pêparinge Gusti.
Tansah narimå lan gêdhe råså sokur iku tumindak kang luwih wicak. 👍
Sumånggå! 🤝
Salam têntrêm rahayu mugå kasalirå mring kitå samyå.... Amin 🙏
JM, lingsir wêngi, 17223
✍ ️eNPe ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar