GAWE TRENYUH ING SUWALIKE CRITA NYATA
kaunggah uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0vyH6hg54MooTSUYDvrrEYydk5jtkujSQM1ftRuJMHG3DANqNnGV1vDiyEt1upPEPl&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz
Bocah wadon cilik umur 7 taunan katon mesem nalika regu panylamet lindhu ing Suriah teka nylametake. Sing gawe trenyuh, bocah cilik wadon iku kanthi adrenge tekad ngupaya ngayomi sirahe adhine lanang.
Senadyan ana ing kaanan kang sarwa rekasa angel anggone mapanake awake dhewe, wus suwene kurang luwih 36 jam, sang mbakyu sing kepepet reruntuhane bangunan isih ngupaya njaga sakuwate nutupi sirahe adhine sing ngglethak lemes ing sisihe nedya supaya isih ana panggonan renggang kanggo ambekan. Ing kene nelakake dene mukjijate Gusti Kang Maha Asih kaparingake mring umate kang ringkih tanpa daya.
Dheweke (sang mbakyu) saiba gedhe lelabuhane minangka sedulur tuwa ngayomi adhine nadyan kaanane sarwa rekasa kejepit reruntuhan bangunan. Mendah begjane sang adhi nduweni sedulur tuwa kang kaya mangkono iku, nadyan suwene 36 jam ora mangan ora nginum isih bisa ngreka daya nylametake adhine lan temtune uga dheweke dhewe. Kaanan iku nelakake marang kita kabeh dene tetalèn paseduluran iku bisa nuwuhake semangat kanggo andum asih tresna siji lan sijine.
Eliding warta nyata kang bisa kapethik :
Kadhang kala, dadi sedulur utamane kang duwe tali turune bapa biyunge (saudara sekandung.Ind) luwih apik/becik tinimbang dadi adisura 'pahlawan hebat', iya kaya mangkono asih lan tresnane kakang adhi kang ora bisa katandhing-tandhingake. ( dudu lagu 'Aja di banding2ke' lho 🤪)
Salam tentrem rahayu mugi kasalira mring kita sadaya... Gusti amberkahi .. Amin 🙏
JM, sandyakala, 10323
✍️ eNPe ✍️
[^_^] [^_^]
Komentar
Posting Komentar