NGUDI KAADILAN
kaunggah ugå ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02dKsW9RkNNf44AEap7J9cvZNPuj8JYW11EisQkkbte4CHpTWzX5CFGbNjyKFrveepl&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz
Kapiyarsi ocèhan pêksi datan kandhêg..
gumêlar lan sumyak ing têlênging driyå.
Prå kawulå prajan tansah umyêk..
ngudi kaadilaning pamõng pråjå.
Nyunggi wakul mikul pari..
kurang prayogå samångså udan.
Luwih bêcik manggõn ing sêgårå wêdhi..
tinimbang ing krajan sotyå tan ånå katêntrêman.
Urip bêbrayan ing têngahing pangungun..
riwut ing pandugå kang murang tåtå.
Kapan bangsaku samyå urip rukun..
tinebihnå samubarang tumindak culikå.
JM, lingsir wengi, 14223
✍️ eNPe ✍️
[^_^] [^_^]
gurit ajaran sagurit-gurite..
watõn nulis sagaduk-gaduke..
nadyan hamung sapålå ora misra..
mugyå sagedå tinampå prå pamiyarsa. ✍️✍️👏👏
Komentar
Posting Komentar