OBAT AWÈT ENOM
Ing sawijining dina, Bambang mahasiswa sing lagi nempuh pawiyatan/pendhidhikan jurusan Parmasi ing Korea ngirimake marang ibune ing Semarang obat awèt enom ('kapsul awet muda').
Bambang pesen,
"Bu, iki obat awèt enom racikane Propesor kang kondhang ing Korea. Ngunjuke cukup sakapsul saben dinane."
Telung taun candhake Bambang mulih nyang Semarang.
Tekan ngomah, Bambang kagèt merga sing bukaki lawang wanita enom ayu rupane, sexi, karo neteki/nusoni bocah isih 'balita'.
Bambang grahita lan gojag-gajeg sajake kok kaya wus nate kenal wanita iku, nanging lali ana ing ngendi ya.
Wanita iku nuli celathu : "mBang, aku iki IBUmu...!"
Bambang sanalika kagèt setengah mati, "Loh kok..!?" batin atine karo gragapan, banjur nyalami karo ngesun asta ibune. Dheweke lagi kelingan Obat Awèt Nom sing dikirim telung taun kepungkur.
"Wahh.., sanyata tibakipun ngeramaken obate nggih Bu. Kejawi Ibu dados langkung katingal enèm, Ibu ugi saged nglairaken malih. Yèn ngaten menika adhi kula nggih Bu..?"
"Huss..! Ngawur ae kowe Bang. Anak iki sejatine Bapakmu!. Dhèwèke 'OVERDOSIS', ngunjuk obat awèt enom kaping 3 sedina sing kok kirimke saka Kroya ehh Korea iku.", hihihiiii.. 🤣🤣🤣🤣🤪🤪🤪🤪🤪
Ayo ngguyu.., ngguyu menèh..
ngguyu iku sehat.. aja diempet...
ning aja seru-seru..! mundhak mbribèni tanggane! 🤩
JM, gagat bangun, 20223
✍ eNPe ️✍️
[^__^] [^__^]
Kajarwakake saka ndhudhah kiriman tulisan (dudu kiriman obat lho!) ing WA :
Pada suatu hari, Bambang seorang mahasiswa yang sedang kuliah jurusan Farmasi di Korea mengirim *Kapsul Awet Muda* ke ibunya di Semarang..
Bambang berpesan,
"Bu, ini Obat Awet Muda,
Racikan Profesor terkenal di Korea. Minumnya cukup 1 kapsul/hari."
Tiga tahun kemudian Bambang pulang ke Semarang.......
Sampai di rumahnya, Bambang kaget, karena yang bukain pintu adalah seorang
Cewek Muda cantik, sexy, sambil asyik menyusui seorang bayi.
Bambang merasa sangat mengenali Cewek tersebut, tetapi lupa dimana.
Cewek tersebut lalu bicara :
"Gus, Aku ini IBUmu...!"
Bambang kaget setengah mati. Langsung dia salam cium tangan ibunya. Dia baru ingat dengan Kapsul Awet Muda yang dikirim tiga Tahun yang lalu.
"Wah, ternyata Hebat sekali Kapsulnya ya, Bu.
Selain ibu menjadi muda, Ibu juga bisa melahirkan lagi.
Berarti, ini ADIKku ya Bu...?".
Ibunya menjawab : "NGAWUR aja kamu,... Gus.
BAYI ini BAPAKmu. Dia OVERDOSIS, minum
Kapsul Awet Mudanya
3 x sehari..."😁😁😁😁😁😁😁😂😂😂😂😂😂😂
*TERTAWA ITU SEHAT*
Komentar
Posting Komentar