TUNÅ-NETRÅ (wuta)

   kaunggah ugå ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid034FvSRiZ75HrRLVcfmMW4BchH2jpcCauzLdARcCA2EBgxyAw8Dq1YkAu8rNoNN5nWl&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz


Ånå pawõngan lanang nandhang tunå-netrå (panyêbabe kêtaman lêlårå) nêlångså lan nyêngiti marang awake dhewe jalaran såkå wutane, ora mung marang awake dhewe bae nanging ugå nyêngiti såpå bae wonge, kêjåbå marang sawijine kênyå yaiku kênyå kinasihe. Kênyå iku kang tansah ånå sisihe klawan sêtyå lan awèh panglipur.

 

Sang tunå-netrå iku duwe nadar (kaul) njanjèni sang kinasihe bakal ngêpèk rabi yèn ing sawijine dinå mêngko dhèwèke pinaringan mukjijat biså ndêlêng manèh.

Kocapå, ing sawijine dinå, tan kinirå ånå uwõng kang kanthi månåsukå andêdanakake (mendonorkan.Ind) /misungsungake sapasang mripate marang sang tunå-netrå mau. Wusanane dheweke biså nyawang kênyå kinasihe lan padhange donyå manèh.


Kênyå kinasihe sanalikå takõn : "Piye mas åpå kowe wus biså ndêlêng manèh? Åpå kowe iyå sidå gêlêm ngrabi aku?"

Nanging ora kanyånå-nyånå nalikå dhèwèke mêruhi sang kinasihe sing manganggo kåcå mripat jêbul wutå ugå. Sanalikå iku ugå dhèwèke iyå si pŕiyå iku blenjani janjine olèhe arêp ngêpèk rabi.

Ohhh..., saibå kagèt lan gêlane kênyå kinasihe iku, banjur wusanane lungå ninggalake sang priyå sing ora duwe råså sokur lan matur nuwun iku.


Sadurunge lungå, si kênyå iku wus nulis pêsên ing salêmbar kêrtas surasane, "Kangmas kinasihku, tulung dijågå/diopèni sapasang mripatku ya!"

'Jêdhèrr..!!'... priyå iku sirahè kåyå disambèr blêdhèk nangis gêro-gêro, dhèwèke ora ngirå yên sêjatine sing dêdånå sapasang mripat iku jêbulane kênyå kang ditrêsnani sing tansah ngancani seprånå sêprene.


Êliding pitutur kang biså kapêthik :

Critå kasêbut nadyan wus critå kunå lan wus bolå-bali kacritakake, ngemutake lan mratelakake mring kitå dene manungså enggal owah pikire nalikå panguripane owah luwih mapan lan kêpenak. Ora sêthithik malah kêpårå akèh sadhengah uwõng kang ora biså ngelingi kaanan uripe sadurunge., ora duwèni råså sokur dene panguripan kang luwih apik iku sanyatane såkå ing bêrkah kanugrahane Gusti Allah kang ngwêngkoni urip iki.


Akèh uwõng kang nglalèkake marang såpå sing wus awèh pitulungan ngêntasake såkå ing jurang kasangsaran lan rêkåså ing urip sadurunge.


Mugå-mugå bae iku ora tumanduk mring kitå, nanging sênadyan kitå ngalami, paling ora ngemuti critå pasêmon kasêbut, dene åpå kang kitå tåmpå kaanan urip luwih mapan lan kêpenak iku dudu margå kawiryan, kasantosan, kadigdayan utåwå kawasisan kitå, ananging margå ånå pakaryane Gusti Allah lumantar wong liyå minångkå panulung dalah panglumantar ing bêrkah marang kitå.


Salam têntrêm rahayu mugi kasalirå mring kitå samyå..., Gusti ambêrkahi... Amin 🙏


JM, Ahad rolasfeb23

         ✍️ eNPe ✍️

         [^_^]  [^_^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN