KORUPSI oh KORUPSI
kaunggah ugå ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0264DURqkLDypXhVp3o5QVT7gqZDpV5Fd7Qf2N247JAHSzot8vCYnLwJjp1FHuE8pcl&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz
'Korupsi' (ngunthêtake båndhå/dhuwit) iku têmbung kang lagi kondhang kaprungu ing pawartå-pawartå tv ugå ing sawêrnane 'medsos'.
Sêjatine åpå tå yå sing andadèkake akèhe wõng pådhå tumindak korupsi? Pirêmbugan bab iki wus nora nate mandhêg kêpårå mawantu-wantu, tanpå kêndhat kawartakake ing tv-tv lan ing ratmåyå. Lamun katlisik luwih jêro amargå pårå abdi nagårå ugå pårå politisi pådhådene rêbut kwåså, anggõne upåyå supåyå olèh pangaruh såkå masarakat mèlu rêbutan kursi ing DPR kudu mbayar dhuwit (mahar politik) marang partai sing dadi tunggangan pêmilu.
Kabèh mau biså marakake håwå-nêpsu pårå politisi golèk lirune åpå kang wus kawêtõkake kanggo 'mahar politik' mau. Kaanan kadyå mangkono iku såyå santēr ing wêktu-wêktu ngarêpake pêmilu. Mangkono kirå-kirå kang njalari tumindak korupsi, nanging pancèn prêlu kabuktèkake åpå yå bênêr kåyå mangkono?
Malah polah tingkahe pårå politisi ugå pårå punggawaning nagårå iku tiniru ugå dening masarakat mratandhani krånå håwå-nêpsu pådhå melik marang sawijining barang nanging ora kêlakõn, banjur mèri margå ora kêturutan, ugå tegå nganiyåyå tumêkane mêmatèni, pådhå tukar padu kêrêngan, anyêbar pitênah lsp-lsp.
Saibå endahe yèn tå bab penyakit ing têngahing bangsaku iku sangsåyå suwe biså sudå kêpårå biså kabêsmi kang biså tumuju masarakat têntrêm rahayu guyub-rukun ambangun pråjå bebarêngan murih bisåå anggayuh masarakat adil makmur...(masiyå nglêngkårå yå!?) 🤪
...ohhh..., mrihatinake lan nguwatirake tênan! 🥱☺️
JM, wolufeb 2023
✍️ eNPe ✍️
[^__^] [^__^]
landhêsaning tulisan saka ing :
Yakobus 4:1-4
Saka ing ngendi tekane kekerengan sarta cecongkrahan ing antaramu iku? Apa ora saka hawa-nepsu kang tansah paprangan ana ing sajroning badanmu?
Kowe padha melik marang sawijining barang, nanging ora kalakon, kowe banjur memateni; kowe meri, mangka ora bisa katurutan, kowe banjur padha padu sarta kerengan. Kowe ora oleh apa-apa, amarga padha ora ndedonga.
Utawa kowe uga ndedonga, nanging kowe ora oleh apa-apa, amarga anggonmu ndedonga iku kleru, jalaran apa kang koksuwun iku bakal kokentekake kanggo ngumbar hawa-nepsumu.
He wong kang padha ora setya, apa kowe padha ora sumurup, manawa memitran karo donya iku dadi sesatron karo Gusti Allah? Kang iku sing sapa dadi mitrane donya, iku ndadekake awake dhewe dadi satrune Gusti Allah
Komentar
Posting Komentar