MÈSÊM ÅJÅ DIÊMPÊT Ayo mèsêm dhisik!
kaunggah ugå ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0TUGJqiAdX9jCdpZz87cho3JKMfL1aDnd3p73Epp8eYSi1TbPujNNctFeA5oH4CGfl&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz
Batur / Rewang sinêbut ugå ART (Asisten Rumah Tangga).
Inêm : "Bu nyuwun ngapuntèn nggih dintên mênika bokmênawi dintên pungkasan kulå ndhèrèk ngrencangi ing ngriki"
Ibu : "Lho kênåpå tå Nêm åpå kowe ora krasan nang kene njur arêp mênyang ngêndi?"
Inêm :" Sakjane nggih kraõs bu, ning kulå kêpengin nggadhahi gaji sing langkung kathah kadõs tiyang-tiyang sanès sinaoså sami-sami dadõs 'pembantu' (rencang)".
Ibu :"O walahh... yå wis yèn pancèn iku tekad lan kêpenginanmu aku yå ora biså mênggak. Oo yå... kowe arêp nyambut gawe ånå ing ngêndi?"
Inêm :"Kålå wau kulå nêmbe måcå ing koran wårå-wårå yèn wõntên universitas padõs tênågå 'pembantu rektor' lan 'pembantu dekan', criyõse gajine wêlasan yuta pikantuk mobil & griya dhines. Nyuwun dongå pangèstune bu supadõs sagêd kêtampi".
Ibu :" ????? ?????? 🤣🤣" karo kêpingkel-pingkêl.
Inêm :"Lho ibu kõk malah nggujêng tå disuwuni pangèstu??!!.."
JM, gagat bangun, 10223
✍️ eNPe ✍️
[^_^] [^_^]
Komentar
Posting Komentar