ADIGANG, ADIGUNG, ADIGUNÅ
Saliring tyang ADIGANG mung nyêbar panandhang..,
watêknyå kamitegan nindhês mring sanès tyang..,
pituwasnyå bêbêndu bramantyaning Gusti..,
nanging tyang trêsnå satuhu gêsang yêkti.
Saliring tyang ADIGUNG mung nandur sangsårå..,
rêmên umuk gumunggung nginå mring pêpådhå..,
mêsthi ngundhuh antåkå wit adiling Allah..,
nanging tyang kang andhap asõr sinung bêrkah.
Saliring tyang ADIGUNÅ mung ndhêdhêr cilåkå..,
nganggêp Allah tan ånå sabdaNyå mung nglåhå..,
nggih panèn karisakan dukaning Pangèran..,
nanging tyang ajrih sih Allah kinasihan.
Ringkêsaning pêpemut :
Tyang kang ngêndêlkên dhiri, mung ngundhuh bilai..,
tansah ngumbar pikajêng, tan ngetang sêsami.
Gêsang jroning pêpêtêng, pikolèhnyå pati..,
karaharjan kang langgêng mung ing Gusti.
Manunggaling tigang têmbung Adigang, Adigung, Adigunå kang botèn sagêd kapisah sampun asring limrah kapirêng, kauningani ing antawising kitå.
kadudud saking KPKA 134 & KPJ 369
JM, pajar sidik, 23223
✍ ️eNPe ✍️
[^__^] [^__^]
sõrõgan :
ADIGANG : ngagul-agulake kakuwatane, kadigdayane
ADIGUNG : ngagul-agulake kaluhurane, pangkat drajate
ADIGUNA : ngagull-agulake kapintêrane, kaluwihane
Komentar
Posting Komentar