SAINDHÊNGING JAGAD RÅYÅ MUJÅ ASTÅWÅ

   kapacak ugå ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid058opV8uVcBXvj91foDWCwyJECRm8iPUBSWLrNZf1TWPfZaR98GTenv2iaiomgfhZl&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz


Saindhênging jagad råyå

nabastålå gumêlar bawerå

kartikå gumêbyar ing cåkråwålå

trang bagaskårå gumanti mångså.

Prå titah-Nyå munjuk mujå aståwå

Allah kang mêdharake kawiseså-Nyå

wit sagunging hikmat-Nya

sanyåtå mring prå umat samya.


Datan gumiwang wit duk samånå

babad kawuri kacarita

diwangkårå, candra cinipta

saindhênging jagad råyå dalah saisinyå.

Allah kang akaryå lan wiseså

gumêbyar ing akåså

kang mujå aståwå Sang Pangriptå

dumadine pasêksi umat tumitahnya.


Limênging ratri kang sidhēm

ndalidir kêrlap-kêrlip kartikå

anêlahi panggah trang

datan owah gumiwang.

Kumlebat praupan sumringah

kapiyarså kidung pêpujian

Måhå Ebat dalah Elõk

pakaryan Allah Sang Pangriptå.


JM, lingsir wêngi, 30123

           ✍️ eNPe ✍️

           [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN