KAAGUNGAN WÊWATAKAN LUHUR

   kapacak ugi ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02r1E5aPe9pMTH2i44USURMZhXvfwb24PKoNKY5w5Qt7iuRyfdnwM5ezRwcW15VMcl&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz


Wêwatakan luhur tansah misuwur /kawêntar/kawuryan kaagunganipun, tuladhanipun kaagungan Dèwi Sri ingkang misuwur sinubyå aståwå ing budåyå lan dongèng rakyat (mitos). Krånå makatên, kaluhuranipun sangêt anggadhahi pêpujan dening rakyat ing jamanipun. Upåcårå adat dipun gêlar kangge mèngêti lan ngormati, dèwi ingkang kondhang dèwi pantun, dèwi kasuburan lan sumbêr têtêdhan. Inggih kådyå makatên kaluhuran ingkang tumèmpèl ing dhiri Dèwi Sri.


Gêgambaran punikå ugi kacariõsakên wõntên ing sapasang têmantèn enggal. Dening pinangantèn kakung ing dhasar pêpujanipun manjing lan mapanakên wêwatakan luhur dhatêng pinangantèn putri : "Mendah elõk lan nêngsêmake lambeane manganggo busånå sarwå rêtnå ayu hamembå garwå nåtå hangagêm puspitå rinonce, putri kang luhur bêbudène, manjilma putri ratu kêayuan lan kaluwêsan."


Watak kapribadèn luhur ingkang adamêl lêkukaning bangkèkan, padharan lan pusêr katingal nêngsêmakên. Inggih karånå luhur bêbudènipun ingkang andadõsakên pasuryan, gulu /jånggå, socå, irung, rikmå lan sakojur sirah /muståkå sagõlõng dadõs satunggal moncèrakên dåyå gèndèng nålå (daya tarik) sintên ingkang mirsani. 

Makatên panyandranipun tumraping pinangantèn putri ingkang awêwatak luhur pêpindhaning Dèwi Suprobo. Tanpå watak luhuring budi, sariranipun ugi badhe datan wontên ajinipun. Punåpå tå têgêsipun kaelokan sarirå/salirå tanpå nugråhå luhur bêbudènipun?, inggih kapêsthèkakên badhe kecalan kanugrahan manjilmå dadõs biyung ingkang mulyå kangge putra-putranipun. Makatên punikå gêgadhanganing pinangantèn kakung mapanakên wêwatakan luhur ing budi minångkå ratuning kaayuan mring sisihanipun. Pramilå ing pawiwahan dhauping pinangantèn sarimbit kinêpyakakên, kairing gêndhing 'Kêbo Giro' cinåndrå pêpujan, panjangkå dalah sarwå endah lan karahayõn kapirêng nêngsêmakên sintên kemawõn ingkang midhangêtakên /miyarsakakên.


Wêwatakan kapribadèn luhur bêbudènipun bõtên namung kapapanakên mring pinangantèn putri kemawõn, ugi prêlu katandukakên dhatêng sintên kemawõn ing sêsambêtan pasrawungan ing têngahing masarakat. Awit tiyang ingkang anggadhahi watak luhur badhe tinåmpi klayan tinarbukå, dipun rêmêni, kinajènan dalah kinormatan sartå dadõs panutan ing têngahing sêsrawungan masarakat. Sawijining pamõng /pandheganing masarakat kêdah kadunungan jiwå pêmimpin ingkang luhur ing budi bilih nêdyå supådõs kinajènan sagêd dadõs tulådhå dening masarakat ingkang kapimpin. 


Sumånggå kitå pênggalih lamun pandheganing masarakat sipat lan tandang tandukipun nêrak paugêran lan tåtå sopan santun gêsang kêmasarakatan, contonipun dêksiyå dhatêng andhahannipun, asring damêl sêriking ngasanès, botên maelu dhatêng rakyatipun ingkang gêsangipun kirang mapan (wõng cilik), malah ngatingalakên gêsang ingkang sarwå wah /mubra-mubru lsp lsp... (ee..lha dalah... jêbulane kok kêsandhung prakåra ngunthêtake branane pråjå asil såka tumindak korupsi). Pamõng ingkang kådyå makatên punikå punåpå pantês lan mèmpêr kapilih dados pêmimpin? Kawõntênan kados makatên punikå ingkang mrihatõsakên lan nguwatõsakên saperangan masarakat ingkang gadhah kapêntingan milih pamõng /pêmimpin. Têmtunipun anggadhahi pamõng ingkang luhur bebudènipun, jujur, gêmatõs såhå anggadhahi gagasan kangge kamakmuraning masarakat klawan lantip lan wicaksånå, mujudakên pangimpèn gêgayuhaning masarakat. Rakyat kaprayogèkaken satiti lan titis anggènipun milih sampun ngantõs klintu, sêpisan lêpat pilih têmbenipun sagêd adamêl ambyar pangangên-angêning rakyat botên sagêd nutuh malih /unjuk raõs nglêpatakên pamarentah, pamõng utawi pandheganing pråjå.


Nuwun, mugyå sarwå rahayu kang pinanggya...🙏


JM, gagat enjang, 23123

            ✍ eNPe ️✍️

          [^__^]  [^__^]


Berwatak luhur jadi terkenal tenar kebesarannya, misalnya ketenaran Dewi Sri yang terkenal dipuji, disanjung/disembah dan dihormati dlm budaya dan dongeng rakyat (mitos). Demikianlah, kebesaran namanya ada dihati masyarakat pada jamannya. Upacara adat digelar untuk memperingati dan menghormatinya.dewi yg termasyur sbg dewi padi, dewi kesuburan dan sumber pangan. Ya seperti itulah kemasyurannya tertempel pada diri Dewi Sri.


Gambaran seperti itu juga diceritakan pada sepasang pengantin baru. oleh pengantin pria menjilma dan menempatkannya sebagai sanjungannya atas pengantin putri, :"Sungguh cantik dan mempesona lambaiannya mengenakan busana serba cantik bagai permaisuri raja dengan berkalungkan untaian bunga, putri yg berbudi luhur, menjilma bagaikan putri kecantikan dan keluwesan."

Kepribadian dengan berwatak luhur menjadikan lekukan pinggangnya, perut dan puser kelihatan mempesona. Ya karena berbudi luhur itulah menjadikan wajahnya, leher, mata, hidung, rambut dan seluruh kepala satu satuan yg menjadikan daya tarik hati siapapun yg melihatnya.


Demikianlah penjelasan penyebutannya tertuju atas pengantin wanita yg berwatak luhur bagai Dewi Suprobo. Tanpa watak berbudi luhur, tubuhnya juga tidak ada nilainya. Apa sih artinya kecantikan tanpa disertai anugerah berbudi luhur? yang dipastikan bakal kehilangan anugerah tsb untuk menjadi seorang ibu yg mulya bagi anak2nya. Begitulah harapan2nya yg dimilki pengantin pria yg menempatkan berwatak berbudi luhur sebagai ratu kecantikan bagi pasangannya. Oleh karenanya, dalam penyelengaraan resepsi pernikahan mereka yang diiringi gending Kebo Giro, disebutkan pujian, harapan serta yang serba indah dan keselamatan terdengar mempesona bagi siapapun yang mendengarnya.


Berwatak berkepribadian dan berbudi luhur tidak hanya ditujukan pada pengantin wanita saja, tetapi juga perlu ditujukan untuk siapa saja yang berhubungan dlm pergaulan masyarakat. Sebab orang yang berwatak luhur bakal diterima secara terbuka, disukai, dihargai dan dihormati serta menjadi panutan dalam hubungangan pergaulan masyarakat itu sendiri. Seorang pamong /pemimpin masyarakat harus mempunyai jiwa pemimpin yg berbudi luhur bila berkeinginan supaya dihargai yang bisa dijadikan panutan oleh masyarakat yg dipimpinnya.


Coba digagas bila pemimpin masyarakat yg sifat dan tindak tanduknya melanggar ketentuan dan tata sopan santun hidup bermasyarakat, misalnya me-nyia2kan dan meremehkan bawahannya, sering bikin sakit hati orang lain yg hidupnya kurang beruntung (wong cilik), malah suka memperlihatkan hidup  serba mewah, foya2... ( ee lah nggak tahunya tersangkut perkara korupsi.) Nah pamong yg seperti ini apa ya pantes dan layak dipilih jadi pemimpin? Keadaan seperti ini sungguh memprihatinkan dan mengkawatrkan sebagian besar masyarakat yg berkepentingan memilh pemimpin. Tentunya punya pimpinan yg berbudi luhur, jujur, tekun dan mempunyai visi untuk kemakmuran bangsa secara cerdas dan bijaksana merupakan impian dan harapan masyarakat. Rakyat sebaiknya dapat memilih dengan teliti dan objektif jangan sampai kliru memilih karena sekali salah pilih akan menjadikan sia2 harapannya. Selanjutnya tidak akan gampang protes dengan unjuk rasa menyalahkan pemerintah.


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN