LÕN-LÕNAN SANG SURYÅ GUMIWANG

   kaunggah ugå ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0TY4sDzA7PtF4h7GKxLbT2r8zj1Fnhi4t5Vi6QSJ7KwzbdjAfy2RcQstiFCbFjdFjl&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz


Lõn-lõnan sang suryå gumiwang, mêmayu hayuning kalbu,

prå janmå antuk pangasoan kanthi têntrêm rahayu.


Sang ratri nglimputi bumi abyõr cahyèng kartika,

nêlahi nyunarkên sih trêsnå Gusti kitå.


Kawilujêngan duk ing ratri nelakakên rum-wangi,

rèrèh saking bõt kasanggi ayõm ing sihing Gusti.


Sidhêm pêrmanêm prå janmå ing tilamrum,

nyupênå kasirêp sumiliring håwå edhum.


JM, sirêp jalmå, 050123

         ✍️ eNPe ✍️

        [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN