SÊPISAN GÕRÕH KASUSUL GÕRÕH CANDHAKE
Ånå paribasan, "Sepisan kitå agawe gõrõh, kitå kudu nyawisake gõrõh ing sabanjure".
Uwõng kang agawe gõrõh/apus-apus/ora blåkå adade kêtagihan tumindak gõrõh sabanjure /candhake nêdyå kanggo nutup-nutupi gõrõhe.
Åpã alêsane wõng gõrõh/ngapusi?
Gõrõh kêrêp digandhèngake karo tumindak kang miring /luput utåwå doså. Têmtune ora ånå wõng sing sênêng sinêbut tukang gõrõh. Ananging nyatane, kitå kabèh nate nglakõni bola-bali gõrõh /apus-apusan.
Saperangan wõng-wõng ånå sing kapêkså ora blåkå mung jalaran nyingkiri congkrah padudõn utawa kahanan sing ora ngêpenakake, contone kitå tau gõrõh supåyå ora didukani wõng tuwå.
Kahanan kang kita alami sawuse diwåså yaiku biså bae gõrõh ngênani rêgå barang sing kitå tuku kanggo njågå supåyå ora gawe rêgêjêgan karo sisihan kitå.
Kadhang kålå, wõng-wõng ora blåkå kanggo njågå pêrasaane wong liyå. Kitå biså bae ethõk-ethõk ngalêm masakane mitra-kadang sênadyan kang kita rasakake suwalike. Iku kitå tindakake supåyå ora nyêrikake/nglarani ati mitrå-kadang kitå mau.
Mangkono ugå wong kapêkså gõrõh, åmargå kêpengin olèh pêngakon lan alêm såkå wõng liyå mring åpå sing durung diduwèni utåwå dilakõni.
Kåyå ngåpåå bae alêsane ora blåkå katõne ènthèng-ènthèng bae, ewåsêmono kitå kudu ngati-ati awit sêpisan gõrõh bakal kasusul gõrõh candhake lan mbalèni ing têmbe mêngkone.
Sanyatane, orå amung mosik sajroning pangrasaning ati/nålå, pikiraning utêk/brain ugå brontak nalikå kitå agawe gõrõh, mangkono ugå badan /salirå kitå wiwit ngalami owah-owahan, kåyåtå jantung dhêg-dhêgan luwih rikat, gumrõbyõs kringêtên luwih akèh malah katõn gêmêtêran.
Kahanan kåyå mangkono mau mahanani dene pikiraning utêk lêlawanan (bertentangan, Ind.) karo pangrasaning nålå nêdyå mosik mring gõrõh kang kitå ucapake sadurunge. Gõrõh agawe pikiraning utêk nglawan kanthi nuwuhake saperangan owahing kahanan badan kitå.
Lamun kitå nglakôni bola-bali, åpå mênèh nalikå tumindak gõrõh sêpisànan kasil, mulå pikiraning utêk malah nyarujuki gõrõh kang kitå tindakake. Pungkasane, nekad tumindak kang sangsåyå ora klêbu nalar sehat dene katõn ngêyêl ora duwe isin (mundur isin, kepalang basah) têtêp bae gawe gõrõh manèh matumpå-tumpå.
Tulisan iki tuwuh lan rinakit saking dēne ing sawêtårå wêktu iki asring sinuguhan giyaran ing telepisi gêlaran sandiwårå tõkõh pangadêging ukum kang padhadene adu panêmu ing panggung sandiwårå. Katõn pådhå ngèyèl ngudi mênange, têtelå yèn tumindake luput nêrak paugêran nanging ånå bae ngudi golèk-golèk alêsan kanggo nyelaki ukuman sing bakal katåmpå.
Ing kahanan iki minångkå jêjêre hakim kauji olah pangrasaning nala (hati nurani) kajujurane, kamantêpane duwèni råså kaadilan kamanungsane anggõne nibakake pêpancasan /putusan marang kang kadakwå. Mugå-mugå bae enggal paripurnå kanthi asil kang bênêr-bênêr saadil-adile.
JM, sandyåkålå, 040123
✍️ eNPe ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar