PANYULIKAN BOCAH CILIK

   kapacak ugå ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02cbhU7KZ8m1XjC4dZD1yiB3Pq9AjAE65rVeDxWX1JzzZ1VfWugLBZerAGPaDuFthMl&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz


Ing wêkasan iki akèh/rame kêdadean penyulikan (nyidhuk klawan pamblithuk/ngiming-imingi utåwå rodapêkså) bocah cilik ing Indonesia ibå nguwatirtake bangêt. Miturut pårå winasis biså nuwuhake bab kajiwan (psikologi) tumraping bocah-bocah cilik (anak-anak), mligine kurban panyulikan iku dhewe, jalaran andadèkake råså ora aman (ancêman), råså kasingkurake lan was-was /tab-taban utåwå kêwêdèn nalikå ånå sacêdhaking wõng liyå sing durung dikênal.


Miturut pårå winasis/ahli psikologi anak, dene sawijining bocah mbutuhake lingkungan kang biså gawe råså ayêm lan têntrêm (aman lan nyaman). Kamångkå kurban panyulikan ngalami ånå ing papan kang adõh såkå kabiasan uripe (yå kulåwargå ugå kanca-kancane), malah nåmpå panyiksan lan 'palècèhan sèksual'. Bab iki kang andadèkake kurban kêtaman 'psikologi' kang nguwatirake kanggo mapagake urip ing têmbene.


Bocah cilik sing katanduk ayang-ayang gêgambaran kêwèdèn (trauma) bakal ngatõnake solah båwå kang ora salumrahe, kåyåta luwih akèh mung mênêng ngalamun, ndhèwèki ora gêlêm srawung, ngimpi ålå nganti tumêkane nangis gêro-gêro... ohh bênêr-bênêr rasane nyêdhihake ngênês yèn kitå ngawuningani kadadean kåyå mangkono iku.


Ambalèkake gawe pulih (self healing) trauma kurban panyulikan butuhake pênanganan lan wêktu gumantung abõt ènthènge kang disandhang. Minångkå wõng tuwane lan kulawargå kinasihe kaprêlõkake duwèni laku panjurung katrêsnan gêdhe kanggo nuwuhake råså asih trêsnå, ayêm lan têntrêm tumraping bocah.


Manjilmåå dadi pamiyarså kang elõk, pirêngnå crita putrane tanpå nyrêngêni ngluputake åpå manèh ngonyo-onyo si bocah. Åjå amêkså anak supåyå nyritakake kanthi komplit panyulikan sing nêmbe dialami. Êjarke bae anak ngandharake nalikå dhèwèke pengin nyritake karêbèn mili mêtu dhewe. Minångkå wõng tuwå prêlu nuwuhake råså aman jroning nandangi åpå bae sabên dinane lan paring kapêrcayan lan kêyakinan dene kaanane wus apik-apik bae lan aman, ugå prêlu pangêrtène mring wõng-wõng ing sakupênge, sêdulur-sêdulure lan tånggå têparone.


Singkirke padadan ngunggah lan ngumbar katrangan-katrangan pribadi anak sacårå wutuh ing rat måyå /medsos, kåyåtå jênêng, potrèt-potrèt, alamat omah, sêkolah, nõmêr telpon.

Pårå ahli ugå paring pamrayogå supåyå pårå wõng tuwå luwih wicak lan waspådå milih pêngasuh utåwå panitipan anak. Wông tuwå prêlu nyathêt golêk sisik mêlik samubarang katrangan hukum lan kartu pêngênal (ktp).


Wõng tuwå ugå kaprayogakake mêmulang /ngajari anak duwèni patrap têguh (sikap) waspådå upamanê yèn nêmõni wõng liyå orå gampang mènèhi alamat omahe, jênênge båpå-biyunge, njaluk tåndhå kang digawe wadi (rahasia) sing kudu biså dijawab wõng liyå mau, prêlu nglawan yèn ånå sing ngrudåpêkså måwå nyêbul sêmpritan lsp lsp.


Mugyå pårå putrå-wayah kitå biså kasingkirake sawêrnane pamblithukan /pangapus-apus kang tundhõne tumuju ing panyulikan lan tumindak kaculikan, pikantuk pangayõmane Gusti Allah piyambak, nir båyå nir sambekålå, kêtêmu sarwå rahayu... Amin Amin 🙏🙏


JM, gagat bangun, 12123

         ✍️ eNPe ✍️

        [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN