MUKIDI SANG MAHASISWA S2
kaunggah ugå ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid03q7jVz5fTJnazg523QQxm8h1zzY99JNp1wtNSTHy9qKxhvGn81oPGEnEKmg8VtvRl&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz
Wêktu Mukidi ngrampungke pêndhidhikan S2, sang profesõr pêmbimbing ngajõkake pitakõnan..,
Prõf.: "Piye asile lèhmu pênêlitian?"
Mukidi : "Sae lan suksès prõf. Krånå panuntun (bimbingan) prõfesõr kulå sagêd ngawinakên 2(kalih) tanêman bèntên jinisipun, singkõng lan klåpå."
Prõf.: "Wahh uwwapik bangêt kowe Mukidi!.. 👍 dadi antarane tanêman singkõng lan klåpå biså kõk kawinke??.. nggumunke tênan kowe Di .." 👍👍
Mukidi : "Nggih.., sagêd prõf!.." 😉
Prof. : "Wuahh.., ngeram-eramke panêmuanmu iku!." 👍👍
Mukidi : "Èstu mêkatên prõf.. matur nuwun pangalêmbananipun.." 👏
Prõf. karo manthuk-manthuk, :..." trus wujude dadi kåyå åpå?..."
Mukidi rådå monga-mangu ...., "GÊTHUK prõf..!!" 🤪😝 karo ngêtõke wungkusan sêka tas-e.
"Dhasar Mukidiii.. Mukidi bocah mbêling !", prõf karo mesam mèsêêmm.., 😉
"ya wis kene aku njaluk sawungkus.. pupung rung sarapan kih..", bacute sang prõf.
Wee... la dalah.., pådhå gêmblunge antarane mahasiswane lan prõfesõre.. 🤣🤣😂😜
JM, sandyåkålå, 14123
✍️ eNPe ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar