KAWULÅ CAÕS SOKUR GUSTI

   kapacak ugå ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0pBnJqeDA6NrBjdKzMU7CuNvBBQa7q8aYy9bGeKKi471SmVaaiihzoFuBsoPdPQQtl&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz


Kawulå caõs sokur Gusti, darbyå Allah kadyå Padukå,

sèstu katur aståwå, krånå lêlabêtan Padukå.

Kawulå tan kadugi têbih saking Padukå,

wit Sih Padukå milujêngkên, mêngku pangajêng-ajêng.


Samangkyå kulå aturakên pribadi såhå gêsang kawulå,

nadyan tan timbang klayan sinung bêrkah Padukå.

Nanging kulå sumêdyå ngaturkên kalayan lêgåwå,

jêr punikå sadåyå raõs puji sokur konjuk Padukå.


Lah tå pådhå mawaså puspå nèng årå-årå

tan angantih tan nênun, sèstu endah warnånyå.

Såpå tå kang akaryå dalah sinung busånå?

dadyå endah munjuli, dadyå endah anyukupi.


He, jiwaku ywå kuwatir tumrap sandhang lan têdhå

Allahmu tan musprå, mendah gung sihe mring kitå.

Jroning duhkitå lan susah, sumendheå mring Allah

tamtu sinung têntrêm, tamtu sinung ayêm.


JM, sirêp bocah, 18123

            ✍ eNPe ️✍️

           [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN