JÊNDHELÅ PANGGAWE SÊMANGATING URIP
Ing sawijining kamar pangrumat (rawat) Rumah Sakit kaisi bapak sêpuh lan kanõman kang pådhådene lagi kêtaman 'kanker otak' tundhå 4.
Patilêmane /tilamrum si bapak iku pas ing pinggir jêndhelå, dene si kanõman paturõne ing sisih jêro kamar rawat kasêbut.
Pêndhak tangi esuk sawuse bukak kordhèn jêndhelå, si bapak ajêg nyritakake kaendahan /kaelokan pêtamanan ing njåbå kang dipirsani.
si Bapak : "Wahh.., endah bangêt mênjangan-mênjangan kae, asri baris katõn luwês, sêpisan-sêpisan sinambi ndhingkluk karo nggayêmi sêsukêtan."
Ing dinå esuk candhake, si kanoman iku pitakõn : "Pak, ing taman wõntên mênåpå kemawõn ingkang bapak pirsani..?"
si Bapak ; "Waoww.., anak-anak kucing (cêmèng) kae pådhå oyak-oyakan lan mbõkne kucing mung maspadakake såkå kadõhan. Lucu bangêt yå!"
Sajroning rõng taun-an si bapak iku pêndhak wungu esuk tansah nyritakake elõke sêsawangan kang ånå ing taman njåbå sing ora biså didêlêng dening kanõman mau mêrgå lêlarane kang ora bisa ndênģèngèk tangi såkå paturõne.
Ananging critane si bapak iku agawe semangating urip kanggone si kanõman iku sing bisa andayani sangsåyå suwe sikanõman iku katõn sangsåyå luwih bagas sehat.
Sawijining dinå, wayahe tangi esuk si bapak iku ora biså critå manèh, jalaran wus tilar donyå kapundhut dening Sang Khalik.
Bêngine, si kanõman iku njaluk paturône dipindhahake ing pinggir cêdhak jêndhelå ngangkah supåyå biså nyawang kaelõkan sêsawangan ing taman njåbå kamar ing wanci esuk, ngono kirå-kirå sing digagas kanõman iku.
Tênan ing dinå esuke, sawuse si kanõman iku bukak kordhèn jêndhelå, sing ånå mung tembõk dhuwur bangunan kantõr sing nutupi sêsawangan.
Jêbulane sasuwene rõng taun iki, si bapak mau ora nyawang åpå-åpå kêjåbå amung paring sêmangat urip marang dhèwèke si kanõman iku.
Sêminggu sabanjure kocapå si kanõman iku wus diidini dening dhõktêre yên wus biså mêtu såkå rumah sakit jalaran asil pamriksane wus mari såkå larane.
"Puji sokur Gusti, awit saking kêparênging Padukå, kawulå sampun kasinungan pulih sehat malih... Amin..", 🙏 mangkono dongå pangucap sokure si kanõman iku.
Sajroning atine,"si bapak kang wus sedå mau sanyåtå kariptå dening Gusti Allah dadyå JÊNDHELÅ PANGGAWE SÊMANGATING URIP".
Tulådhå kang biså kapêthik, 👍🤝
Dadiyå panglumantaring bêrkah, panggawe sêmangating urip kanggo wõng liyå sênadyan êmbuh kapan dumadine ing wanci mêngkone. Kang biså kapêsthèkake ing urip iki ånå kang kagungan lan kang mêngkoni, iku kang dadi kêyakinan kapracayan kitå umat titahe Gusti Kang Murbèng Agêsang....
Salam rahayu mugi kasalirå mring kitå sadåyå,
Gusti ambërkahi... Amin Amin 🙏🙏
JM, ari Ahad, 29123
✍ eNPe ️✍️
[^__^] [^__^]
sumbêr kajarwå såkå ing sêratan :
*JENDELA PEMBAWA SEMANGAT KEHIDUPAN*
================
Seorang anak muda masuk rmh sakit bersama seorang Bapak lanjut usia, mereka berdua sama2 menderita kanker otak stadium 4.
Tempat tidur bapak tsb persis di depan jendela, dan anak muda berada di sudut ruangan.
Setiap bangun pagi, setelah membuka gordyn jendela, bapak tsb selalu bercerita ttg keindahan taman yg ia liat di luar.
Bapak :
"Wah.....indah sekali rusa2 tsb berdiri rapi berbaris keliatan anggung benar, sambil sesekali menunduk makan rumput."
Besok pagi, pemuda itu bertanya :
"Pak apa yg engkau liat di taman...?"
Bapak :
"wow, anak2 kuncing berlarian saling kejaran dan induknya hanya menonton dr jauh. Lucu sekali."
Selama 3 thn Bapak tsb setiap bangun pagi selalu berceritera ttg indahnya pemandangan di luar yg tidak bisa disaksikan oleh pemuda tsb akibat sakit yg tdk memungkinkan ia bangun dr tempat tidurnya.
Namun ceritera bapak tsb memberikan semangat hidup bagi pemuda tsb yg b'angsur2 kelihatannya makin sehat.
Suatu hari, bangun pagi bapak tsb tdk dapat lagi bercerita krn sdh meninggal.
Malam harinya pemuda tsb minta dipindahkan ke bekas tempat tidur bapak tsb agar esok pagi ia sendiri dapat menyaksikan indahnya pagi hari.
Besok paginya, pemuda tsb membuka gordeyn jendela yang dilihatnya dari jendela, ternyata hanya ada sebuah tembok tinggi perkantoran yang menutupi pemandangan.
Rupa2nya selama 3 thn sang bapak tsb tidak melihat apa2 selain berceritera hanya untuk memberi semangat hidup bagi pemuda tsb.
Seminggu kemudian pemuda tsb diperbolehkan keluar rmh sakit pulang ke rumah sbb dinyatakan sembuh dari penyakitnya krn bapak tsb yang sdh tiada ternyata adalah "jendela pembawa semangat kehidupan"
PERENUNGAN :
Jadilah berkat, pembawa semangat kehidupan, bagi orang lain sekali pun entah apa yang akan terjadi di hari esok, tapi yang pasti hidup dalam kehidupan ini ada yang mengaturnya........
Amin.
dari teman dan sahabatmu ;
- Frans J Wantah , Johnny Frans, Frans John
- Frans Johnny, Frans Wantah, Frans Wantah
#fjw_jendela_jehidupan
fjw/minggu 04-01-15
sumber
https://m.facebook.com/groups/202330263691917/permalink/1276586596266273/?mibextid=Nif5oz
Komentar
Posting Komentar