MUKIDI & MUKIJAN NGÕBRÕL NGALÕR NGIDUL

   kaunggah ugå ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0BYz2uF8byucyY3RPmcCcaDvcbEx7e2H4ks44yBF21RAQbnijTp9CuQSTc8SVoX2Al&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz

Dinå Minggu esuk Mukijan dolan nang omahe sobat kênthêle Mukidi kanggo nyambung silaturahmi. Wõng loro ngõbrõl ngalõr-ngidul katõn gayêng, nanging si Mukijan nggraitå ånå sing ora lumrah ing praupane si Mukidi.


Mukijan : "Di, sampean kõk kåyå kurang sehat, êncène åpå lagi lårå??".

Mukidi : "Iyå, wêkasan iki aku êncèn lagi kurang sehat gårå-gårå ånå sing dak pikirke!".


Mukijan :"Oo walah.., kowe ki mikir åpå tå Di, Di kok nganti pucêt ngono?"

Mukidi : "Iki lho..., emmm, aku duwe padatan anèh."


Mukijan : "Anèh piye ta?" 😇

Mukidi : "Aku duwe padatan sabên dinå BAB (bêbuwang, bêbanyu, bõbõtan) sabên jam 7 esuk."


Mukijan :"Wahh yå apik iku! pancène iku kodrate manungså mêsthi kudu BAB åpå mênèh yèn biså ajêg, jare doktêr iku arane sehat lho!." 👍


Mukidi : "Sehat sih sehat...,  mung bae soale aku tangine jam 8 an!"


Mukijan :"o ho o hooo..., wadhuh!!... yên ngono bên esuk kowe ngêbrok yå!" "pantêsan mambu iki!!..", Mukijan cêngar-cêngir karo mênêt irunge sing pèsèk....🤭🤭

"Huss!... Sêmbarangan ae!!.", wangsulane Mukidi,.. hehehee.. 🤣😂

        🥱😛😂🤝🏽


JM, ahad esuk, 080123

           ✍️ eNPe ✍️

          [^__^]  [^__^]



Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN