PATHÕNAN GANGSINGAN

   kapacak ugi ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02UFU79gw9eKQgPky9Hj3G6GgQNk7vv2igJBkdD7CK5tuSu27FndwBBcfsifi3zZdMl&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz


Dolanan lare jaman alitan kulå bõtên kadõs samênikå. Salah satunggal ingkang kondhang lan punrêmêni lare-lare umur-umuran sêkolah SD - SMP ingkang nami pathõnan/panggalan gangsingan.


Gangsingan jinis dolanan ingkang kadamêl saking kajêng, limrahipun kajêng kêmlandhingan ingkang sampun mêdal galihipun inggih punika kajêng ingkang sampun mêdal atèn-atèn ing têngahing kajêng limrahipun warnanipun cêmêng kacoklatan mratandhani kajêng sampun sêpuh. Kajêng kêmlandhingan makatên punikå kapilih jalaran sampun atõs kangge yåså gangsingan.


Gangsingan wangunipun wêrni-wêrni, sabên tlatah mbõkmênawi anggadhahi titikan /cirènipun piyambak-piyambak. Nanging limrahipun gangsingan kangge pathõnan /panggalan mèh sami namung kemawõn agêng alitipun gêmantung ingkang bõtên sami. Wangun gangsingan kadõs ing gambar ing ngandhap, kajêng dipun wangun kadyå kukusan mlumah nginggilipun mawi ndhas-ndhasan saprêlu kangge ngubêtakên tangsul murih ngubêngaken gangsingan wau. Dene ing bagean ngandhap pun tancêpi paku lancip kangge sikilan mubêngipun lan ing tandhingan kangge ngangkah ngawõnakên mêngsah tandhing kanthi paku sagêdå nancêp ing gangsingan mêngsahipun. Wah mênawi sampun acårå pathõnan lare-lare ngantõs kêsupên wêkdal dumugi sõntên wayah surup nêmbe bibar.


Tangsul gangsingan limrahipun pundamêl saking kulit uwit waru ingkang wulêt, lêmês sartå pêrêt sae sangêt kangge ngubêtaken gangsingan. Tangsul kaanyam piyambak mligi kangge anggampilakên miturut panjang cêndhakipun ingkang punbêtahakên, racakipun kirang langkung satunggal mètêran. Nganyamipun tangsul kadamêl ing bõngkõtipun radi agêng nuntên sangsåyå alit ing pucukipun.


Mênawi wõntên têtandhingan pathõnan gangsingan ingkang punadani antawis kampung, ngantõs nglurug ing kampung sanès, nanging lare-lare sami rênå sinaõså ngantõs têbih. 

  Ingkang sagêd kulå cathêt, nadyan ing têtandhingan limrahipun nggih mêsthinipun wõntên ingkang kawõn. Ewåsamantên, nadyan kawõn bõtên nuwuhakên råõs sêrik, sagêd nampi kanthi lêgåwå. Ing ngriki nelakakên bilih jiwå satriyå nêngênakên patrap luhur ingkang sampun pungadhahi dening lare-lare alit ing jaman samantên. 🤝👍

  Bõtên wõntên pamanggih badhe ngrantam malês, såyå malih nêdyå kêrêngan sêsarêngan (tawuran) kadõs lare-lare ing jaman samangke punikå ingkang asring kadadõsan antawisipun kampung satunggal kalihan sanèsipun amung jalaran sapålå, upaminipun ing têtandhingan bal-balan utawi balapan pit mõtõr lsp lsp.. lajêng damêl rêrusuh 'tawuran'... hêêmm nguwatõsakên bêjadipun lare jaman sapunikå. ☺️


Makatên pårå kadang sutrêsnå PBJ cariõs sapålå ingkang sagêd kulå aturakên, mbõkbilih sagêd ngemutakên dolanan ing jaman alitan.


Salam rahayu kang tinêmu, bagas saras kang linaras.


JM, sirêp jalmå, 25125

       ✍ eNPe ️✍️

      [^__^]  [^__^]


Mohon ijin pemilik hak cipta gambar utk pemanis semata 👏







Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN