NGRÊKSÅ TUKING SUMBÊR TOYÅ

   kapacak ugi ing https://m.facebook.com/100053518547586/posts/pfbid02YL7YdpFkEXSJEGcByMRxLKo3Pm4jTsJecqMMfSTqZfohYmtrwyYTovgvnaVY74awl/?mibextid=Nif5oz


Salêbêting ambangun kithå adamêl/yåså sumur mujudakên satunggiling kabêtahan utami sagêd manggihi êtuk /sumbêr toyå kangge kabêtahan pêmbangunan punikå piyambak. Pramila ing ngriki prêlu sangêt sagêd ngrêkså /anjagi êtuking sumbêr toyå sampun ngantõs ing têmbe ngajêng dadõs kasatan. Bab punikå dadõs lan pêntingipun kangge ngrêkså lêstantun tuking toya sampun ngantõs mbõtên nyumbêr malih supadõs têtêp lêstantun kangge nyêkapi kabêtahan gêsangipun manungså. Sadåyå punikå mujudakên tanggêl  jawab sêsarêngan kangge ngrêkså lan nglêstantunakên êtuk sumbêring toyå.


Mendah migunani utawi anggadhahi aji sumbêr toyå katitik dene wõntênipun nami-nami kitha / panggènan kawiwitan ngangge sêbatan "Ci" kadõstå Cibadak, Cirebon, Cibodas, Cimanggis, Cilacap lsp lsp. Sêbatan Ci mratandhani bilih toyå lèpèn ingkang nggambarakên toyå punikå anggadhahi paedah kang agêng ngêmu têgês ugi ngajak masarakat sadåyå anggadhahi pamanggih lan raõs tanggêl jawab ingkang sami mendah sangêt maedahi êtuk sumbêring toyå murih kabêtahan gêsangipun manungså sagêdå lêstantun tumraping turun putrå-wayah kitå.


Kangge biyantu pêrlu wõntên tåtå cårå ngopèni lêstantunipun sumbêr alam wau klawan damêl wadhuk utawi bêndungan-bêndungan kangge nyimpên utawi tandhõn toyå jawah lan toyå saking êtuking toyå kangge nyêkapi kabêtahan wargå padesan lan kithå murih sagêd tansah lêstantun. Ngrêkså sumbêr alam ngandhut ugi pikajêng njagi risaking alam ingkang sagêd njalari bêncånå banjir /bêna utawi lõngsõr pèrènganing bukit /gumuk /punthuk.


Kairing kamajêngan jaman, toyå dadõs barang dagangan, ndadõsakên owahing budåyå masarakat ingkang kêdahipun ngrêkså mring toyå. Suwaunipun toyå satunggiling sumbêr alam ingkang sagêd kaangge nyêkapi kabêtahan masarakat kanthi mardikå /bebas. Nanging samangkē emanipun wõntên saperangan pêrusahaan-pêrusahaan agêng ingkang nggadhahi pikantuk wêwênang nguwaosi /mêngkoni ngolah sumbêr-sumbêr toyå wau lajêng punwadhahi lan punsade awujud 'air minum dalam kemasan' pramilå sapunikå dados awis ingkang kêdah punbayar dening rakyat. Mênikå mujudakên pangancam ing têmbe mangkenipun!. Mugi pêrusahaan-pêrusahaan punikå bõtên sangsåyå srakah lan enggal mratobat dene sejatõsipun sampun dleyå /nglirwakakên tatanan nêgårå punåpådene Undhang-Undhang Dhasar nêgårå ingkang mratelakakên dene bumi, toyå lan sadhengah isinipun dipun winêngkõni /kuwaosi dening nêgårå kangge kemakmuraning masarakat. 


Badan-badan kêmasarakatan mugi-mugi sagêd ngupadõs mangsulakên murih nêgårå sagêd nguwaõsi malih sumbêr toyå lan sumbêr-sumbêr alam sanèsipun kangge kamakmuraning bångså.


Sumånggå pungêgilut lan rinaõsakên sêsarêngan! 👏


JM, gagat enjing, 030123

        ✍ ️eNPe ✍️

       [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KAJUJURAN ANGGAWA KINURMATAN