WATU, KRIKIL & PASIR
kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2904443813168070&id=1684548218490975
Profesor ahli ilmu filsafat ing ngarepe para mahasiswa lagi nggawa lan nuduhake sawijine toples, saperangan watu, kerikil lan sagenggem pasir. Para mahasiswa nyawang barang-barang iku sajak bingung lan pengin ngerti kira-kira apa sing arep ditindakake lan diwulangake dening sang profesor.
Tanpa sabawa sathithika, profesor wiwit ngleboke watu-watu cilik ing njero toples. Para mahasiswa katon bingung, nanging sang prosesor tetep durung paring katerangan apa-apa. Sawuse watu-watu iku mencep ngebaki toples, profesor nembe ngendika. Sang prof ndangu apa toplese wus kebak? Para mahasiswa mangsuli yen toples iku wus kebak.
Sang prof njur alon-alon nyuntak krikil ing njero toples iku karo nggoyangake alon toples iku temahan krikil-krikil bisa mlebu ing sela-selane watu. Sang profesor bali pitakon apa saiki toplese kebak? Bebarengan para mahasiswa mangsuli yen toples iku wus kebak.
Sabanjure sang prof nyuntak pasir ing njero toples iku karo ngobah-obahke toples. Kadya apa kang kasedya pasir nlesep ngisi sela-sela sing isih ana ing antarane watu lan krikil. Nah saiki apa toples iku wus kebak? Bebarengan para mahasiswa mangsuli yen toples iku pancen wus kebak.
Sang profesor nuli paring pratelan dene toples iku sawijine pasemon tumraping panguripan. Sang profesor memulang kadyadene watu iku mujudake sing wigati dhewe tumraping panguripan yaiku : kesehatan, jodho sisihaning urip (bojo), anak-anakmu lan saliring bab kang gawe urip iki sarwa pepak.
Dene krikil minangka pepindhan kang bisa ndadekake urip iki kepenak lan mulya kayata pagawean, omah, sandhangan lan montor utawa tetumpakan liyane.
Pungkasane, pasir nggambarake bab-bab sepele sing ora pati wigati tumraping uripmu.
Bacute sang Prof paring pratelan, luwih nengenake dhisik pasir ing toples bakal ndadekake watu lan krikil ora kumanan panggonan. Samono uga bakal gawe kisruh ing uripmu yen kowe mentingake bab-bab cilik kang wusanane kowe ora duwe wektu kanggo bab-bab gedhe kang bener-bener luwih migunani.
Eliding crita : pigatekna sakabehing bab kang luwih wigati kanggo ngudi panguripan kang luwih mulya lan tentrem rahayu.
Sisihna wektu kumpul kulawarga, sisihan lan anak-anakmu. Rampungna gaweanmu ing kantor aja nalika lagi kumpul kulawarga. Mendhem sesengitan mring sawijining wong uga ora maedahi kanggo uripmu.
Becik luwih nengenake endi kang kudu didhisikake antarane watu, krikil utawa pasir.
JM, lingsir wengi, 23121
dening eNPe
Sumber kadudud saka ing : https://successbefore30.co.id/3-cerita-menginspirasi-yang-akan-menyentuh-hati-anda/
Komentar
Posting Komentar