ADIL LAN BENER
kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2908170352795416&id=1684548218490975
Sajroning urip bebrayan ing tengahing masarakat prelu dipeperti tatanan urip ana ing kaadilan lan kabeneran ateges ora prayoga dadi hakim dhewe. Tumindak dadi hakim dhewe asring bisa njalari kroyokan nemtokake pancasan/putusan miturut ukuran kabenerane dhewe.
Ana uga dadi hakim awujud anyebar pandakwa warta-warta kang lamis durung mesthi bener tumraping wong kang kadakwa.
Kita ora prayoga lan ora kena ngakimi/ngadili wong liya kanthi pancasan sing durung ana buktine, kita kudu njunjung tatanan panduga durung mesthi salahe. Uga ora prayoga ambage-bage warta tumraping uwong (sabanjure sinebut kurban) kang durung cetha kasunyatane.
Warta kang wus kadhung sumebar lan durung kabukten kabenerane bisa gawe kapitunane si kurban ora duwe wektu kanggo mbela pribadine ngupaya kabeneran. Kaseksene kanggo nyethakake apa sing sanyatane, asring ora bisa mbalekake ngresiki jeneng kang wus wirang jalaran pancasan masarakat sing wus kadhung kaecap mring si kurban.
Kita kudu ngati-ati nalika andum pawarta ing sarana masarakat (medsos). Kita kudu mesthekake kasunyatane luwih dhisik supaya ora nambahi kisruh ing jagading maya medsos, bisa-bisa kita genti katuding lan kadakwa nyebarake warta palsu kajiret mawa Undang2 ITE.
Ing kene prelu kita sarujuki senadyan ing medsos kita uga kudu bisa ngatonake tandang-tanduk adil lan bener. Eling negara kita iki negara ukum kabeh masarakat sapa bae kudu mituhu manut tatanan ukum kang wus katetepake dening wakil rakyat ing DPR.
JM, lumingsire ratri, 28121
dening eNPe
Komentar
Posting Komentar