RASA BOMBONG KANG LAMIS

     kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2891656554446796&id=1684548218490975

Aja duwe pamikiran,

  a. wong liya sing ora nglakoni kadya apa kang kita tumindakake utawa ora nduweni kadya kang kita duweni, iku luwih asor tinimbang kita 

  b. aja nganggep dene pangibadah kita luwih apik tinimbang ibadahe wong liya

  c. aja nganti kesalehan (urip karohanen) kita ndadekake duwe rasa bombong kang lamis jroning nala.

   d. aja nganti kesalehan kita ngedohake kita saka kulawarga lan paseduluran ing antarane pra kadang, aja nganti duwe panganggep yen kita rumangsa luwih suci katanding wong liya.


Tedhak turun, kasugihan, kapinteran, warna kulit, kadigdayan ing paprangan kabeh iku dudu ukuran kesalehan kita.


Akeh bangsa-bangsa ing Afrika, Eropa, Asia, Cina, Jepang lan ing salumahing bumi liyane kang mbokmenawa luwih cedhak karo Gusti Allah tinimbang kita, katitik hamung katone sepele dene bangsa-bangsa kasebut bisa nanggung kasusahan, mrantasi lan mentas saka pacoban luwih becik tinimbang kita.


Sandhangan lan blegering pawakan dudu ukuran urip karohanen!


Akeh manungsa ing donya iki kang luwih cedhak karo Gusti Allah senadyan uripe katon saanane lan lumrah-lumrah bae.


Tetunggilan kita jroning sawijining jemaah utawa badan kaelmuan ing ngendi bae prayoga kudu bisa nyaranani kanggo mbuwang rasa gumunggung lan bombong tanpa ngremehake utawa nganggep asor wong liya.


Kasunyatane akeh sing tulus atine, apa anane tumindak kabecikan nadyan ora melu tetunggilan ing sawijining jemaah utawa badan-badan liyane.


Bab iku dudu kunci utawa sangune mlebu Swarga!


Ana wong kang mlebu swarga awit saka katulusaning ati upamane kadyadene menehi ngombe ngilangi rasa ngoronge kewan, uga ana kang kanthi tulus saben dina aweh pangapura mring liyan sadurunge mapan turu.

Wong-wong mau ora nduweni apa-apa kang bisa dipamerke, nanging kang ditumindakake tansah miturut satuhu karo Kersane Gusti Allah.


Uwong lumaku liwat dalan kamulyan kang katone ciut nanging satemene iku lawang tumuju swarga nadyan sangune sethithik amarga uripe ing donya sarwa kesrakat kasiya-siya dening sapepadha, suwalike ana uwong liya kang uripe gumunggung sing tandang tanduke ing donya luwih akeh nanging malah tumuju palimengan iya dalan kasangsaran kang katone jembar. 


SUMANGGA KITA SAMYA TANSAH NYAWANG KABECIKANE MRING WONG LIYA, AJA GOLEK ALANE BAE!

RASA BOMBONG AJA NGANTI AGAWE LAMIS


JM, lingsir wengi, 060121

        dening eNPe

🌟🌟🌟🤝🤝🌟🌟🌟

Jarwane ing basa Indonesia mangkene : ⤵️

*_Jangan pernah berpikir_* bahwa mereka yang tidak melakukan seperti apa yang kita lakukan *lebih rendah* daripada kita, atau tidak memiliki apa pun yang bisa dipersembahkan bagi orang lain.


*Jangan pernah berpikir* bahwa tindakan kita untuk beribadah *lebih baik* daripada tindakan orang lain.

*Jangan biarkan kesalehan kita* menumbuhkan *kebanggaan terselubung* dalam diri kita.

Jangan biarkan kesalehan kita *meng-isolasi diri kita dari keluarga dan teman.* Jangan biarkan itu membuat kita *merasa lebih suci* dari orang lain.


Keturunan, kekayaan, kemampuan ilmiah, warna kulit kita, kekuatan di medan perang *bukan kriteria* untuk kesalehan kita.


Banyak bangsa2 di Afrika, Eropa, Asia, Cina dan seluruh dunia yang *mungkin lebih dekat* dengan Allah daripada kita karena *fakta sederhana* bahwa bangsa2 diatas dapat menanggung kesulitan dan *mengatasi cobaan* lebih baik daripada kita.


Penampilan dan pakaian kita *bukanlah kriteria untuk kesalehan.*


*Ada banyak manusia di dunia ini yang lebih dekat dengan Allah SWT* meskipun mereka tampak biasa-biasa saja.


Afiliasi kita dengan sebuah jamaah atau lembaga pengetahuan mana pun, harus menjadi sarana untuk *memusnahkan ego dan kebanggaan kita*, tanpa memandang rendah orang lain.

Ada banyak yang hatinya tulus & murni berbuat baik meskipun tidak berafiliasi dengan salah satu organissi apapun.


Hal ini bukan paspor otomatis ke Surga.


*Ada orang yang masuk surga karena ketulusannya bagaikan hanya dengan memuaskan dahaga seekor hewan, yang lain mendapatkannya dengan hanya memaafkan semua orang setiap hari sebelum tidur.*

Mereka tidak memiliki banyak hal untuk ditampilkan, tetapi apa yang mereka lakukan selalu  mengharap Ridho Allah SWT. 


*Seseorang mungkin berjalan melalui gerbang surga dengan modal sangat sedikit dan kehadirannya ketika hidup di muka bumi tidak dianggap penting,* sementara yang lain dengan perbuatan yang jauh lebih besar *justru binasa karena kesombongan* mereka


*MARILAH SELALU MELIHAT HAL BAIK YANG ADA PADA DIRI ORANG LAIN.*

*JANGANLAH KEBANGGAAN yang menjerumuskan*


*RENUNGAN DI AWAL TAHUN 2021* 🙂

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN